Pilihan tembung sing digunakake panulis ing crita kanggo gawe uriplan endahe crita diarani

Pilihan tembung sing digunakake panulis ing crita kanggo gawe uriplan endahe crita diarani

Loading Preview

Sorry, preview is currently unavailable. You can download the paper by clicking the button above.

Tantri Basa Klas 4Tantri Basa Hak Cipta © 2016 Tim Penyusun: Drs. Samsul Hadi Akhmad Winarto, S.Pd. Drs. Yusuf Budi Santosa Dra. Umi NayirotinEditor/Penyelia : Editor/Penyelia : Dra. Sri Sulistiani, M.Pd. Drs. Bambang Purnomo, M.S. Drs. Sukarman M.Si.Desain/Lay Out : Latif Nur Hasan, S.Pd, M.Pd.Desain/Lay Out cover: Rahmat Santosa, S.Pd. M.M.Penerbit : Dinas Pendidikan Provinsi Jawa TimurIsi : x, 135 hal ISBN : 978I-S6B0N2-497084--600126-4-10(4n-0o1.j6il-.1le(nngok.ajipl.)lengkap) ISBN : 978-602I-S4B04N-092708-86(0j2il-.440)4-020-8 (jil. 4) Tantri Basa Klas 4KATA PENGANTAR KEPALA DINAS PENDIDIKAN PROVINSI JAWA TIMUR Alhamdulillah buku “Tantri Basa” sudah selesai disusun danditerbitkan. Buku ini disusun dengan berpedoman pada Peraturan Gubernur No.19 Tahun 2014 tentang Mata Pelajaran Bahasa Daerah sebagai Muatan LokalWajib di Sekolah/Madrasah. Pergub tersebut memberikan pegangan hukum yangkuat bagi guru-guru untuk melaksanakan dengan sungguh-sungguhpembelajaran Bahasa Daerah. Sebagai tindak lanjut, buku ini disusun untukmenyelesaikan masalah ketiadaan buku ajar seiring dengan terbitnya Pergubdan diharapkan dapat diterima dan digunakan dalam pembelajaran disekolah/madarasah di wilayah Jawa Timur. Terima kasih disampaikan kepada tim penyusun yang telah dengankesungguhan menyelesaikan buku ini. Kerja sama Tim Eksternal sebagai penyusunbersama-sama dengan Tim Internal Dinas Pendidikan Provinsi Jawa Timurtelah mampu menghasilkan karya yang bermanfaat bagi pembentukkan budipekerti dan karakter generasi muda lewat jalur pendidikan formal disekolah/madarasah. Kesempurnaan buku ini adalah tujuan dari penyusun dan pengguna bukuini. Akan tetapi, buku ini masih memiliki kekurangan. Karena itu, kritik, saran, danmasukan dari berbagai pihak yang peduli terhadap pelestarian, pengembangan,dan pemertahanan Bahasa Daerah sebagai salah satu budaya bangsa inisangat diharapkan. Insya Allah pada kesempatan lain buku ini akandisempurnakan dengan mengakomodasi masukan dari berbagai pihak. Surabaya, Agustus 2016 Kepala Dinas Pendidikan Provinsi Jawa Timur, Dr. Saiful Rachman, MM.,MPd Pembina Utama Madya NIP. 19590503 198503 1 018 Tantri Basa Klas 4Atur Sapala Isinipun buku “Tantri Basa” punika sampun katitipriksa dening para ahliBasa Jawi saking Universitas Negeri Surabaya (Unesa). Dene panyerating bukusampun dipunadani dening para sutresna sarta alumnus Universitas NegeriSurabaya (Unesa). Isi umumipun sampun katiti priksa dening Drs. Sukarman, M.Si. (Ketua Tim Penyusun Kurikulum Bahasa Daerah Kantor Dinas Pendidikan danKebudayaan Provinsi Jawa Timur lan Dosen Jurusan Pendidikan Bahasa Daerah,Program Studi Pendidikan Bahasa dan Sastra Jawa, Fakultas Bahasa dan Seni(FBS), Universitas Negeri Surabaya ). Wondene babagan Kebahasaan (Linguistik),Sastra, lan Metodologi Pembelajaran sampun dipuntitipriksa dening Dra. SriSulistiani, M. Pd. (Ketua Jurusan, Dosen Bahasa, Sastra, dan MetodologiPengajaran saking Jurusan Pendidikan Bahasa Daerah, Program Studi PendidikanBahasa dan Sastra Jawa, Fakultas Bahasa dan Seni FBS, Universitas NegeriSurabaya - Unesa). Kanthi asil paniti priksa kasebat dipunajab sageda buku “Tantri Basa”punika murakabi kangge srana sinau Basa Jawi tumrapipun para siswa. Kejawipunika, ingajaban ugi sageda mbiyantu para kadang dwija anggenipun memucalsaha nggulawenthah siswa-siswinipun ing jagading piwucalan Basa Jawi. Laras kaliyan owah-gingsiripun kurikulum pendhidhikan, buku punikasampun kacundhukaken kaliyan Kurikulum Tingkat Satuan PendidikanMulok Bahasa Daerah 2013. Asil paniti priksa nedhahaken bilih isinipun bukupunika sampun laras kaliyan kurikulum enggal ingkang dipunginakaken ingsekolah-sekolah wekdal samangke. Isinipun buku punika kabiji sampun dipunserat kanthi lelandhesan Standar Kompetensi Lulusan (SKL), Kompetensi Inti (KI)lan Kompetensi Dasar (KD), sarta ngginakaken paugeran ingkang sampundipunrantam dening Badan Standar Nasional Pendidikan (BSNP). Mugi-mugi wontenipun buku punika saged mbiyantu para siswa, kadangdwija, lan sutresna Basa Jawi, anggenipun marsudi basa, sastra, lan kabudayanJawi. Tundhanipun sageda basa, sastra, lan kabudayan Jawi ngrembaka lanlestari. Surabaya, Agustus 2016 Paniti Priksa Drs. Sukarman, M. Si./ Dra. Sri Sulistiani, M.Pd. (Ketua dan Wakil Ketua Tim Penyusun Kurikulum Mulok Bahasa Daerah Kanwil Dinas Pendidikan dan Kebudayaan Provinsi Jawa Timur 2014 Tantri Basa Klas 4Atur Pangiring Puji syukur konjuk wonten ngarsanipun Gusti Ingkang Maha Kuwaos awitkanthi berkahipun panyerat sampun saged nyekapaken panganggiting buku BasaJawi ”Tantri Basa” kangge para siswa Sekolah Dasar ( SD) / MadrasahTsanawiyah (MI). Perlu kawuninganan, wiwit taun pelajaran 2014/2015, piwucalanBasa Jawi SD/MI sampun ngginakaken kurikulum enggal inggih punika KTSPMulok Bahasa Daerah 2013. Alelandhesan Peraturan Gubernur No. 19 Tahun2014 ”Mata Pelajaran Bahasa Daerah Sebagai Muatan Lokal Wajib diSekolah/ Madrasah” kanthi alokasi wekdal 2 (kalih) jam pelajaran sabenminggunipun. Kangge njangkepi sarana piwucalan Basa Jawi wonten SD/MI wau,panyerat nganggit buku ajar Basa Jawi ”Tantri Basa” punika. Buku ”Tantri Basa” kasiyapaken kangge nyengkuyung kawicaksananKTSP 2013. Bab punika laras kaliyan Peraturan Menteri Pendidikan No. 64 Tahun2013, ingkang ngrembag bab Standar Kompetensi Lulusan (SKL), ingkang paringamanat bilih Buku Teks Pelajaran kedah ngginakaken acuan Standar KompetensiLulusan (SKL) lan Kompetensi Inti (KI) lan sarta alelandhesan paugeran ingkangsampun dipunsusun dening Badan Standar Nasional Pendidikan (BSNP). WondenePermendikbud No. 71, Tahun 2013, ingkang ngrembag Buku Teks Pelajaran lanBuku Panduan Guru Untuk Pendidikan Dasar Dan Menengah, ugi paring amanatbilih Buku Teks Pelajaran ingkang dipun-ginakaken ing pawiyatan-pawiyatankedah sampun kasusun adhedhasar KTSP Mulok Bahasa Daerah Tahun 2013. Ewah-ewahan tumrap buku teks kedah karancang lan kasusun kanthilelandhesan (berbasis) teks. Wonten ngriki, teks kawawas minangka peranganbasa ingkang nggadhahi makna kontekstual. Lumantar buku punika, siswa kaajabsaged ngasilaken lan ngginakaken teks laras kaliyan tujuan lan fungsi sosialipun.Salebetipun piwucalan basa Jawi ingkang alelandhesan teks, pasinaon botennamung sesambetan kaliyan piwucaling teori lan konsep, ananging teks ugimigunani minangka sumber aktualisasi dhiri tumrap soksintena ingkangmigunakaken bab wau, ing salebeting konteks sosial budaya akademis. Wontenipun buku ”Tantri Basa” punika, dipunajab sageda mbiyantupara siswa SD/MI anggenipun ngleluri dalah marsudi Basa Jawi. Kejawi punika,sageda adamel gampil lan lancaripun para kadang dwija anggenipun memucaldalah nggulawenthah para siswa-siswinipun salebeting piwucalan Basa Jawi. Perlu kawuninganan, kajawi alelandhesan teks, pangrakiting buku punikaugi ngginakaken Pendekatan Saintific. Piwucalan alelandhesan teks, mawipandom ngrembakakaken babagan (1) Piwucalan basa kawawas saking teks,boten namung kasusun kanthi munjeraken paramasastra utawi ketatabahasaankemawon. (2) Piwucalan lelandhesan teks minangka proses pamilihing basaingkang ngandharaken makna. (3) Piwucalan basa lelandhesan teks asipat Tantri Basa Klas 4fungsional ingkang ateges boten saged uwal saking konteks ingkang mbabarakenmaneka warnining ide, karakter, nilai, sarta ugi idiologi panuturipun, (4) Piwucalanbasa lelandhesan teks ugi minangka sarana kangge mangun kawasisan olah pikirtumrap para siswa. Jinising teks ingkang kaandharaken wonten ing buku punika arupi teksdheskripsi, palapuran, narasi/carita, eksposisi, eksplanasi, lan sapiturutipun.Wondene pendekatan Saintific ingkang kababar ing buku punika mawi prosesingkang sesambetan kaliyan tumindak: Mengamati (Observing), Menanya(Questioning), Mencoba (Experimenting), Menalar (Associating), Mengkomu-nikasikan (Comunicating), lan Membentuk Jejaring (Networking). Wondene aspekpanggulawenthahing patrap ingkang dados punjering piwucalan, inggih punikakanthi nengenaken aspek Sikap Religius, Sikap Sosial, Kognitif, lan Psikomotorik. Pambabaripun buku ”Tantri Basa” kajawi ngandharaken materi, ugisinartan gladhen (latiyan) kalarasaken kaliyan Kompetensi Dasar lan Indikatoringkang sampun sinerat wonten salabeting silabus. Awit saking punika, dipunajabsupados saged nyekapi kangge pangukuring kompetensi minimal, ingkang kedahdipunkuwaosi dening para siswa. Pambabaripun buku ingkang alelandhesan tekspunika, kalampahan kanthi cak-cakan: (1) Tahap Pembangunan Konteks, (2)Tahap Pemodelan Teks, (3) Tahap Pembuatan Teks Bersama-sama, lan (4) TahapPembuatan Teks Secara Mandiri. Kejawi materi lan gladhen, buku punika ugidipunjangkepi “bausastra” lan “pepeling” ingkang ngandharaken teges sartapangenget-enget dateng konsep-konsep inti, ing saben wulangan utawi bab.Kanthi mekaten perangan punika dipunajab sageda njangkepi pangrembagipunmateri piwucalan, kejawi ugi kangge nambah wawasanipun para siswa. Panyerat sampun mbudidaya murih buku punika saged sampurna, ewasemanten minangka manungsa limrah sarta awit saking winates saha cupetingkawruhipun panyerat, seseratan salebeting buku punika taksih kathahkekiranganipun. Pramila panyaruwe saking pamaos tansah kaantu-antu amrihkangge damel saenipun buku punika. Wusananing atur, mugi-mugi Gusti IngkangMurbeng Dumadi tansah njangkung lan nyengkuyung pangetrapanipun bukupunika tumrap majeng lan lestarinipun piwucalan Basa Jawi. Nuwun. Surabaya, Agustus 2016 Panyerat Tantri Basa Klas 4Dhaftar isiSampul ngarep ………………………………….. iSampul njero ……………………………………………………………..…….. iiIdhentitas …………………………………………….……………………..…….. iiiKata Pengantar ………………………………….……………………..……... ivAtur Sapala ………………………………………………………………..…….. vAtur Pangiring .................................... ……………………..……... viDhaftar Isi .......................................... ……………………..……... viiiWulangan 1 : Guyub Rukun 1Mbabar Wawasan ................................. ……………………..…….. 2Pasinaon 1………………………………………….……………………..…….. 3Modhel Teks Pinilih …………………………….……………………..…….. 3Gladhen 1 ………………………………………….……………………..…….. 4Gladhen 2 ………………………………………….……………………..…….. 7Pasinaon 2 Makarya Bebarengan …………………………..…….. 11Gladhen1 ………………………………………….……………………..…….. 12Gladhen 2 ………………………………………….……………………..…….. 13Pasinaon 3 Makarya Mandhiri ……………………..…….. ………….. 15Gladhen 1 ………………………………………….……………………..…….. 15Gladhen 2 ………………………………………….……………………..…….. 17Gladhen Wulangan 1 …………………………..……………………..…….. 21Wulangan 2 : Gemi Nggunakake Energi 24Mbabar Wawasan ................................. ……………………..…….. 25Pasinaon 1………………………………………….……………………..…….. 27Modhel Teks Pinilih …………………………….……………………..…….. 27Tantri Basa Klas 4 Kaca viiGladhen 1 ………………………………………….……………………..…….. 27Gladhen 2 ………………………………………….……………………..…….. 31Gladhen 3 ………………………………………….……………………..…….. 34Pasinaon 2 Makarya Bebarengan …………………………..…….. 36Gladhen1 ………………………………………….……………………..…….. 36Gladhen 2 ………………………………………….……………………..…….. 37Pasinaon 3 Makarya Mandhiri ………..……………………..……..... . 40Gladhen 1 ………………………………………….……………………..…….. 41Gladhen Wulangan 2 …………………………..……………………..…….. 42Wulangan 3 : Perduli Marang Lingkungan 45Mbabar Wawasan .................................……………………..…….. 46Pasinaon 1………………………………………….……………………..…….. 48Modhel Teks Pinilih …………………………….……………………..…….. 48Gladhen 1 ………………………………………………………………..……... 48Gladhen 2 ………………………………………………………………..……... 52Pasinaon 2 Makarya Bebarengan ………………………..……..… 54Gladhen1 ………………………………………………………………..……... 54Gladhen 2 ………………………………………………………………..……... 58Pasinaon 3 Makarya Mandhiri …………..……………………..…….. 59Gladhen 1 ………………………………………………………………..……... 59Gladhen 2 …………………………………………. 60Gladhen Wulangan 3 ………………………….. 61Wulangan 4 : Sregep Makarya 64Mbabar Wawasan ................................ ……………………..…….. 65Pasinaon 1…………………………………………................................ 68Modhel Teks Pinilih ……………………………................................ 68Gladhen 1 …………………………………………............................... 69Gladhen 2 ………………………………………….............................. 72Pasinaon 2 Makarya Bebarengan …………………………..…….. 74Pasinaon 3 Makarya Mandhiri ……….………………………..…….. 76Gladhen 1 ………………………………………………………………..……... 76Gladhen 2 ………………………………………………………………..……... 78Gladhen Wulangan 4 ………………………….……………………..……... 80Kaca viii Tantri Basa Klas 4Wulangan 5 : Endahe Nagriku 83Mbabar Wawasan ................................. ……………………..…….. 84Pasinaon 1………………………………………………………………..……... 85Modhel Teks Pinilih …………………………………………………..……... 85Gladhen 1 ………………………………………………………………..……... 87Gladhen 2 ………………………………………………………………..……... 89Pasinaon 2 Makarya Bebarengan …………………………..…….. 89Gladhen 1 ………………………………………………………………..……... 90Gladhen 2 ………………………………………………………………..……... 91Gladhen 3 ………………………………………………………………..……... 92Pasinaon 3 Makarya Mandhiri ………………………………..……... 93Gladhen 1 ………………………………………………………………..……... 93Gladhen 2 ………………………………………….……………………..……... 94Gladhen Wulangan 5 ………………………….……………………..……... 95Wulangan 6 : Gegayuhanku 98Mbabar Wawasan ................................……………………..…….... 99Pasinaon 1………………………………………………………………..…….... 100Modhel Teks Pinilih …………………………….……………………..…….... 100Gladhen 1 ………………………………………….……………………..…….... 103Gladhen 2 ………………………………………………………………..…….... 104Gladhen 3 ………………………………………….……………………..…….... 105Pasinaon 2 Makarya Bebarengan …………………………..…….... 107Gladhen 1 ………………………………………….……………………..…….... 107Gladhen 2 ………………………………………….……………………..…….... 107Pasinaon 3 Makarya Mandhiri ….……………………..……............. 108Gladhen 1 ………………………………………………………………..…….... 108Gladhen 2 ………………………………………………………………..…….... 109Gladhen Wulangan 6 …………………………..……………………..…….... 110Wulangan 7 : Panganan lan Gizi 113Mbabar Wawasan ................................. ……………………..…….... 114Pasinaon 1………………………………………………………………..…….... 115Modhel Teks Pinilih …………………………………………………..…….... 115Tantri Basa Klas 4 Kaca ixGladhen 1 ………………………………………….……………………..…….... 116Gladhen 2 ………………………………………………………………..…….... 118Gladhen 3 ………………………………………………………………..…….... 120Gladhen 4 ………………………………………………………………..…….... 121Gladhen 5 ………………………………………………………………..…….... 121Gladhen 6 ………………………………………….……………………..…….... 123Gladhen 7 ………………………………………………………………..…….... 124Pasinaon 2 Makarya Bebarengan …………………………..…….... 125Gladhen 1 ………………………………………………………………..…….... 127Gladhen 2 ………………………………………………………………..…….... 129Pasinaon 3 Makarya Mandhiri …………………………..…….......... . 130Gladhen 1 ………………………………………………………………..…….... 130Gladhen 2 ………………………………………………………………..…….... 130Gladhen Wulangan 7 ………………………….……………………..…….... 131Dhaftar Pustaka ……………………………….……………………..……..... 134Kaca x Tantri Basa Klas 4WULANGAN 1 GUYUB RUKUNKOMPETENSI DASAR3.1 Mengenal, memahami, mengidentifikasi teks puisi modern dalam bentuk lisan dan tulis.INDIKATOR 3.1.1 Mengidentifikasi teks puisi berdasarkan tema. 3.1.2 Menjelaskan struktur puisi. 3.1.3 Menjelaskan kata-kata sulit teks puisi modern. 3.1.4 Menjelaskan isi teks puisi modern.KOMPETENSI DASAR4.1 Membaca ekspresif teks puisi modern.INDIKATOR 4.1.1 Menulis puisi sesuai tema. 4.1.2 Membaca ekspresif teks puisi modern.Tantri Basa Klas 4 1Sawise sinau wulangan 1 iki, bocah-bocah kaajab bisa: niteni teks geguritan adhedhasar tema, njlentrehake struktur geguritan, njlentrehake tegese tembung-tembung ing geguritan, lan njlentrehake isine teks geguritan. Sabanjure, bocah-bocah uga kaajab bisa nulis lan maca geguritan kanthi polatan (ekspresi) kang trep. Mbabar Wawasan Minangka anggota masyarakat, kita kudu guyub rukun. Guyubyaiku greget (semangat) tumindak bebarengan, dene rukun tegeseurip kang salaras lan ngedohi pasulayan utawa ora tukar padu.Guyub rukun kudu dikulinakake lan wajib ditindakake. Karo anggotakulawarga kudu guyub rukun, supaya kabeh anggota kulawargabisa krasan lan ayem ing omah. Marang tangga aja seneng tukarpadu, kudu tulung-tinulung, lan tepa slira. Guyub rukun ing sekolahbisa katindakake kanthi cara ngajeni lan mituhu marang guru, sinaubebarengan karo kanca tanpa mbedak-mbedakake sugih utawamlarat, gotong royong ngresiki lingkungan sekolah, lan liya-liyane. Guyub rukun karo kanca ing sekolahan. Gambar: sd-gs.tarakanita.or.id2 Tantri Basa Klas 4Sawise maca katrangan lan nggatekake gambar ing dhuwur,mesthine banjur tuwuh pitakonan:1. Bocah-bocah ing gambar iku lagi nindakake pakaryan apa?2. Bocah-bocah ing gambar iku lagi seneng apa susah?3. Bocah-bocah ing gambar iku padha rukun apa tukaran?4. Kepriye kahanane plataran kang ana ing gambar iku?5. Gotong royong apa sing tau koktindakake ing sekolahmu? Rukun agawe santosa, crah agawe bubrah. Tegese: rukunndadekake kuwat, cecongkrahan ndadekake bubrah. Paribasan ikimujudake salah sawijining piwulang kang tansah digondheli deningwong Jawa sing kepengin urip guyub rukun lan ayem tentrem ingmasyarakat. Paribasan iki nuduhake yen wong Jawa ora senengpasulayan utawa tukar-padu. Pasulayan ora ana gunane, jalaransakabehe prekara bisa dirampungi kanthi musyawarah. Saliyane paribasan, geguritan (puisi bebas) uga bisa kanggosarana mulangake ajaran guyub rukun. Saka maca lan nulisgeguritan, para siswa bisa sinau urip guyub rukun. Pasinaon 1Model Teks Pinilih : Teks Geguritan Tema Guyub RukunPasinaon 1 para siswa bakal tepungan karo teks geguritan kanthitema “Guyub Rukun”. Supaya tepung karo teks geguritan iku, para siswa kaajak ngrampungake rong garapan. Garapan 1 magepokan karo maca lan niteni geguritan adhedhasar temane, dene garapan 2 sesambungan karo njlentrehake struktur teks geguritan. Rukun agawe santosa Gambar: www.pixoto.comTantri Basa Klas 4 3Gladhen 1 : Niteni Geguritan Adhedhasar TemaSadurunge maca teks geguritan kanthi tema “Guyub Rukun”,wangsulana pitakon-pitakon iki!1. Apa bocah-bocah wis tau krungu tembung geguritan?2. Geguritan ing Basa Indonesia diarani apa?3. Apa kowe wis tau maca geguritan?4. Apa irah-irahan (judhul) geguritan sing tau kokwaca?5. Apa sing kokrasakake nalika maca geguritan? Geguritan, yaiku puisi basa Jawa gagrag anyar (modern) kangora kaiket dening paugeran (aturan) sing gumathok. Bebas jumlahlarik ing saben pada (bait), bebas jumlahe pada, lan bebas pilihantembung kang digunakake. Sing penting, isine mentes lan pantes. Nalika penulis utawa penggurit ngarang teks geguritan, penulismiwiti kanthi netepake tema karangan, yaiku gagasan pokok singarep diandharake sajerone tulisan. Sabanjure, tema iku nduwenimupangat dadi wadhahe karangan. Tegese, karangan ora olehmetu utawa mlenceng saka tema (wadhah) sing wis ditetepake. Kanggone wong sing maca teks geguritan sing wis dadi, temageguritan bisa ditemokake kanthi cara maca geguritan kang titi lanyen perlu dibolan-baleni.Supaya luwih cetha, wacanen teks geguritan iki lan tindaknaayahan sabanjure!Teks 1: Goooong! (Dening: Auliya Azizah) Dak deleng gong gumantung ing Gong ora tau meri drengki. gayor Gambar: kisahasalusul.blogspot ana sing cilik ana sing gedhe endah disawang kepenak Tantri Basa Klas 4 dirungu Kabeh nunggu giliran ditabuh ora ana sing meri drengki4ora ana sing cupet budineora ana sing rumangsadikuwalonakeOra beda karo kulawargakuadhik nyapu latar aku ngumbah motoribu tata dhahar bapak tindak kantorkabeh meres kringet ... meres pikirgung ... goong ... gaaaooong....adhem ayemTeks 2: Guyub rukun nglebokna bal. Tim Futsal Gambar: trunajaya.com (Dening: Ali Akbar) Acong, Amir, Jaka, Kethut, lan Asep tunggal desa tunggal komplek. Cong, iki sepatuku gawenen Mir, iki banyuku ombenen Jak, Thut, Sep aku sing nggawa bal Bocah lima ngepuh kringet bal bunder genti dioper disadhuk mlebu gawange kiper Mainmu apik tendhanganmu hebat untung aku mau mbok operi bombong atiku nduwe kanca koweTantri Basa Klas 4 5Teks 3: Sapu Sada (Dening: Astuti) Jumat asri resik lan sehat cancut tali wanda nandur kabecikan Cilik gedhe bagus ayu ora mung padha gumuyu ora tinggal glanggang colong playu tumuju adiwiyata murih rahayu Crah agawe bubrah rukun agawe santosa guyub rukun kaya sapu sadaKawruh sapala:adhem ayem : atine rumangsa tentrembombong : seneng bangetcancut taliwanda : nyambut gawecupet budine : ora bisa tumindak becikdikuwalonake : dianggep kaya anak kuwalon (anak tiri)drengki : ora seneng yen wong liya nemu bejagayor : alat kanggo nyantholake gonggong : gamelan (alat musik Jawa) sing gedhe lan bundermeres kringet : nyambut gawe tenanan (ngepuh kringet) tinggal glanggang colong playu : ninggalake pakaryan sing dadi tanggung jawabeSawise maca teks geguritan kanthi premati, sabanjure temoknatemane teks geguritan kasebut kanthi njangkepi tabel ing ngisor iki!6 Tantri Basa Klas 4No. Irah- Tema irahan/Judhul Guyub rukun ing .......................1 Gooong ................................................ ................................................2 Tim Futsal3 Sapu SadaGladhen 2 : Njlentrehake Struktur Teks GeguritanGeguritan iku mujudake puisi basa Jawagagrag anyar sing bebas, nanging umumestrukture (wangunan) geguritan mujudakegabungan saka limang perangan, yaiku: 1. tembungPilihan tembung uga diarani dhiksi. Kanggo Pantes lan mentesngasilake geguritan kang trep, pengarang Gambar: ayomendidik.wordpress.commesthi mikirake pilihan tembung kang mathuk. Tembung-tembungsing digunakake ana sing duwe teges lugu utawa apa anane(denotatif) lan ana sing duwe teges entar utawa ora sabenere(konotatif). Pamilihe tembung sing pantes lan mentes, ndadekakegeguritan dadi endah lan aji. 2. larikLarik utawa baris duwe teges sing beda yen kabandhingake karoukara ing gancaran (prosa). Larik ing geguritan bisa mung wujudsatembung, bisa wujud kumpulan tembung, utawa bisa uga wujudukara.Tantri Basa Klas 4 73. pada/baitPada mujudake kumpulan larik kang tumata kanthi laras(harmonis). Saben sapada dumadi saka siji gagasan utama singbeda karo pada liyane.4. uni/ swaraUni kawangun saka purwakanthilan wirama. Purwakanthi yaikuruntute swara, sastra, utawatembung kang ana ngarep karoswara, sastra, utawa tembungkang ana mburi. Wirama yaikuendhek-dhuwur, cendhak-dawa,utawa alus-kasare swara singdiucapake. Anane purwakanthi Geguritan enak diwaca lan dirungokake.lan wirama ndadekake geguritan Sumber Gambar: vajarsenja.blogspot.penak diwaca lan dirungokake. 5. surasa/maknaSurasa mujudake tujuane pengarang utawa panggurit nalikanulis geguritan. Anggone panggurit milih tembung, nata larik, lanbait dilarasake karo tujuane. Surasa bisa wujud isi lan pesen(amanat) saka geguritan.Kanggo nyinaoni struktur teks geguritan, gatekna tabel strukturteks geguritan 1 kanthi irah-irahan ”Goooong!” ing ngisor iki!8 Tantri Basa Klas 4Struktur KatranganNo. Teks Pilihane tembung ana sing duwe teges lugu lan entar. Tuladha:1 Tembung -teges lugu : cilik, latar, lan montor -teges entar : cupet budine, meres kringet, meres pikir, lan adhem ayem Larik ing geguritan katon endah, sebab ana sing dawa lan ana sing cendhak. Iki nuduhake kebebasane, ora kudu padha2 Larik dawane. Tuladha larik sing: -dawa :”Dak deleng gong gumantung ing gayor” -cendhak : ”dikuwalonake” Saben sapada ana sagagasan. Pada 1: Kahanane gong.3 pada (bait) Pada 2: Sipate (watake) gong. Pada 3: Kahanan lan sipate kulawargaku sing padha karo gong. Minangka purwakanthi, ing geguritan iki ana tembung sing unine runtut karo tembung mburine. Tuladha: latar-dhahar, motor-kantor, lan ana4 uni/swara Ana tembung sing dibolan-baleni Tuladha : ora ana sing ... . Anane purwakanthi ing geguritan iki, ndadekake geguritan kepenak yen diwaca kanthi wirama alus lan alon. nerangake guyub rukune kulawarga iku5 Surasa kena kanggo tepa tuladha.Tantri Basa Klas 4 9Supaya kawruhe bocah-bocah ingbabagan teks geguritan bisa tambah,jangkepana tabel struktur teks geguritan2 kanthi irah-irahan ”Sapu Sada” ingngisor iki kaya tuladha ing dhuwur! Sumber Gambar: saifulanwar01.blogspotNo. Struktur Katrangan Teks Pamilihe tembung ana sing ............... .................... lan .......... Tuladha tembung sing duwe:1 tembung -teges lugu: ....................................... -teges entar: ..................................... Larik ing geguritan katon ........., sebab ana sing ...... lan ................................. Tuladha:2 larik -larik ...........: ”.................................... ..................................... -larik ..........: ”..................” Saben sapada ..................................... Pada 1: Kahanane ............................... Pada 2: Sipate .....................................3 pada (bait) Pada 3: Guyub rukun ........................... Pada 4: Pujian marang ......................... Minangka purwakanthi, ing geguritan iki ana tembung sing unine runtut karo tembung ngarepe. 4 uni Tuladha: anggonen- .............., oper-10 .............., lan ana tembung sing dibolan-baleni yaiku ”........................................................”. Tantri Basa Klas 4Anane purwakanthi ing geguritan iki, ndadekake geguritan ..................... ........................................................... Surasane geguritan iki yaiku:5 surasa ngandharake guyub rukune .................. ........................................................... Pasinaon 2 Makarya Bebarengan Babagan Teks Geguritan Sawise maca, niteni geguritan adhedhasar temane, lan mahami struktur teks geguritan, ana ing pasinaon 2 bocah-bocah bakal kaadhepake karo pakaryan sing asipat praktek bebarengan, yaiku negesi tembung-tembung sing angel dingerteni lan njlentrehake isine teks geguritan. Kanthi greget, dhisiplin, lan percaya marang kabisane dhewe, bocah-bocah dijak sinau karo kancane saklompok negesi tembung- Ora ana sing angel yen digarap tembung sing angel dingertenibareng.Gambar: http://idea.lk.ipb.ac.id lan njlentrehake isine teks geguritan.Tantri Basa Klas 4 11Gladhen 1 : Negesi Tembung sing Angel DingerteniBasa sing dinggo ing geguritan, lumrahe dudu basa padinan.Supaya bisa ngerti isine geguritan bocah-bocah kudu nindakakekaya ing ngisor iki:1. Maca teks geguritan kanthi setiti.2. Negesi tembung kang angel, yen perlu bisa nggunakake kamus.3. Negesi tembung kang duwe teges entar, pasemon, utawa pralambang ing geguritan.Tuladhane, tembung ’sapu sada’ mujudake pralambang guyubrukun. Sada yen ijen gampang ditugel lan ora ana gunane, nangingsada yen akeh, ditaleni dadi siji malih kuwat lan dadi sapu sing anagunane.Tindakna pakaryan iki!Dhiskusia karo kancamu saklompok kanggo nemokake tegesetembung-tembung sing kapethik saka teks geguritan 3 kanthi irah-irahan ”Sapu Sada”.Jodhokna tembung ing kolom sisih kiwa karo tegese ing kolom sisihtengen kanthi nulis aksara ing papan kang sumadya!No. Tembung Aksara Tegese 1 asri (...) A greget tumindak bebarengan 2 cancut (...) 3 kerjabakti (...) B kuwat 4 wiyata (...) 5 disangga (...) C tukar padu 6 crah (...) 7 bubrah (...) D ilang tatanane 8 rukun (...) 9 santosa (...) E urip sing selaras10 guyub (...) F enggal-enggal G gotong royong H endah didulu I lingkungan sekolah J diangkat dhuwur12 Tantri Basa Klas 4Gladhen 2 : Njlentrehake Isine GeguritanSalah sijine cara kanggo mahami geguritan, yaiku kanthi ngowahiwujud teks geguritan dadi wujud teks gancaran (prosa/crita).Pakaryan ngowahi wujud iki diarani parafrase. Parafrasekatindakake kanthi ngowahi susunan pada (bait) dadi paragraf,nanging tanpa ngowahi isine. Awit basa ing geguritan iku basa singmentes, mula tembung-tembunge akeh sing diilangi utawadikurangi. Ukara ing basa padinan,umume jangkep tetembungane.Mula, nalika nggawe parafrase,para siswa bisa nambah tembunging geguritan supaya dadi ukarasing sampurna lan gampangdingerteni. Minangka saranagladhen njlentrehake isinegeguritan, tindakna ayahan ikilumantar dhiskusi klompok: Iki asil karyaku dhewe. Gambar: blokbojonegoro.com1. Jangkepana tabel parafrase ing ngisor! Parafrase Geguritan Kanthi Irah-Irahan ”Sapu Sada”Pada Teks Geguritan Teks Parafrase1 Jumat asri (Saben dina) Jumat (,) resik lan sehat (supaya sekolahan dadi) asri cancut tali wanda (,) resik lan sehat (,) (para nandur kabecikan siswa) cancut tali wanda (padha tumandang nyambut gawe.) (Kabeh) nandur kabecikan (.) (Tumindak becik marang lingkungan)Tantri Basa Klas 4 13Dadine paragrap:Saben dina Jumat, supaya sekolahan dadi asri, resik lansehat, para siswa cancut tali wanda padha tumandangnyambut gawe. Kabeh nandur kabecikan. Tumindak becikmarang lingkungan.2 Cilik gedhe bagus ayu .............................................ora mung padha gumuyu .............................................ora tinggal glanggang .............................................colong playu .............................................tumuju adiwiyata murih .............................................rahayu .............................................Dadine paragrap:3 Crah agawe bubrah ............................................. rukun agawe santosa ............................................. guyub rukun kaya sapu ............................................. sada ............................................. ............................................. Dadine paragrap: 2. Saka tabel parafrase ing dhuwur, saiki bisa kadudut yen isine geguritan kanthi irah-irahan ”Sapu Sada” yaiku: _______________________________________________________________ _______________________________________________________________ ____________________________________________________________ _______________________________________________________________ _____________________________________________________________14 Tantri Basa Klas 4Pasinaon 3Makarya Kanthi Mandhiri Babagan Teks Geguritan Suwasana guyub rukun, pranyata bisa karasakake nalika makarya kanthi bebarengan karo kanca ing klompok. Kanggo nukulake lan ngrembakakake jiwa mandhirine bocah-bocah, ing pasinaon 3 diajak blajar nulis lan maca geguritan kanthi rasa seneng lan polatan kang trep.Wis gedhe kudu bisa mandhiri. Gambar: www.sekolahdasar.net Gladhen 1: Nulis Teks GeguritanBocah-bocah mesthine tau dolanan karo kancane ing plataranomah, papan play station, papan wisata utawa ing lapangan olahraga. Saka dolanan iku mau para siswa oleh pengalaman. Parasiswa bisa nyritakake pengalaman iku mau kanthi wujud geguritan.Kapisan: nemtokake temaTuladha: dolan bebarenganKapindho: nemtokake gagasan pokok. Saben sapada mung momotsiji gagasan utama!Tantri Basa Klas 4 15Tuladha: Pada 1: Minggu esuk budhal mancing bareng kanca Pada 2: Kahahan ing kolam pancing Pada 3: Kabeh padha senengKatelu: ngembangake gagasan pokok dadi bait-bait.Tuladha kaya ing ngisor iki: Mancing Surya mlethek Minggu Pahing aku sakanca budhal mancing kanthi bekal walesan lan umpan dakpancal sepedhaku turut dalanGurame, nila, lan emas Mancing bareng, seneng barengora dakrasa hawane tansaya panasbanyu sabotol taksikat amblassenar ditarik atiku dheg-dheg plasIwak sak kilo didum padhagedhe cilik nedha nrimamesam ngguyu atine senengaku sakanca mulih barengTindakna pakaryan iki!Kapisan: Temtokna temane!16 Tantri Basa Klas 4Kapindho: Temtokna gagasan pokoke! Pada 1:............................................................. Pada 2:...............................................................Katelu: Kembangna gagasan pokoke dadi bait-bait! Pada1: Pada 2:Gladhen 2: Maca Teks Geguritan kanthi Polatan kang TrepMaca geguritan ora niru patrape liyan. Maca geguritan iku satemene gambar: fkip.uns.ac.id duwe tujuan supaya wong liya bisa ngrungokake kanthi ati sing tenang. Kanthi mangkono wong kang ngrungokake bisa ngrasakake lan ngreti isine geguritan kasebut. Mula, sapa wae sing arep maca geguritan becike bisa ngrasakake lan ngreti isine geguritan luwihTantri Basa Klas 4 17dhisik. Manawa maca geguritan tanpa ngerti isine, anggone macabakal ora penak dirungokake, ora penak dirasakake, lan ora cethasing dikarepake.Wong maca geguritan, sing paling apik yaiku kanthi solah bawa lanpatrape dhewe-dhewe. Ora niru solah bawa lan patrape wong liya,awit yen maca kanthi tiru-tiru wong liya bisa katon kaku lan orawajar.Bab sing kudu digatekake nalika maca geguritan ing panggungutawa ngarepe wong akeh, yaiku: 1. olah swara (olah vokal) Kedaling lesan (banter-lirihing swara, endhek-dhuwuring swara, menga-mingkeme lambe), tata pangaturing napas, lan pamedhoting ukara kudu trep. 2. patrap Nalika maca geguritan, solah bawa lan polatan (ekspresi) kudu dislarasake karo jiwane geguritan. Yen isine geguritan iku sedhih, polatane sing maca kudu katon nelangsa supaya sing ngrungokake melu ngrasakake kasedhihane. Semono uga yen isine bab Polatane tegas, mandhes, lan makantar-kantar semangat polatane sing maca Gambar: pitoyosusanto.blogspot. kudu katon teges, mandhes, Tantri Basa Klas 4 makantar-kantar, lan merbawani.183. nyawiji Antarane sing maca lan sing ngrungokake kudu nyawiji. Tegese, wiwit saka pamilihe geguritan, tata krama, nganti tata busanane sing maca kudu nggatekake kasenengan utawa kabutuhane sing ngrungokake. Semono uga sing nonton utawa ngrungokake kudu nyemak kanthi tenanan, supaya bisa methik manfaat saka nyemak geguritan. 4. saranaSarana yaiku apa wae kang ndhukung supaya anggone macageguritan tambah ”nges”. Sarana bisa awujud microphone,panggung, gendhing, podhium lan sapanunggale.Ayo gladhen maca geguritan! Amarga para siswa durung kulinamaca geguritan, mula kanggo tuntunan becike geguritan sing arepdiwaca diwenehi tandha andhegan (jeda) mandheg utawa mbacutanggone maca.Tuladha: kabeh / nunggu giliran ditabuh // ora ana sing meri / drengki // ora ana sing / cupet budine // ora ana / sing rumangsa = dikuwalonakeTantri Basa Klas 4 19Katrangan:/ tegese mandheg sadhela// tegese mandheg rada suwe= tegese ana sesambungane karo larik ngisore (ora mandheg)Tindakna pakaryan iki!Kanthi sangu pangerten sing wis kotampa, saiki pilihen salah sijigeguritan ing ngarep (Goooong!, Tim Futsal, lan Sapu Sada) utawageguritan gaweanmu dhewe, banjur wacanen ing ngarep kelas! Sadurunge ngayahi pakaryan iki, becike bocah-bocah gladhen luwih dhisik ing omah utawa papan liya. Guru lan kancamu arep mbiji babagan olah swara, patrap, lan nyawiji sing kotindakake nalika maca teks kanthi lembar pambiji kaya ing ngisor iki. Samekta ing gati Gambar: pitoyosusanto.blogspot.co.id Lembar Pambiji Maca Teks GeguritanNo. Jeneng Aspek Pambiji Skor Biji Swara Patrap Komunikasi 1 2 3 4 520 Tantri Basa Klas 4GLADHEN WULANGAN 1I. Pitakon ing ngisor iki wangsulana sing patitis, kanthi milih siji wangsulan sing paling bener!1. Guyub tegese .... a. gregeten mulane ora tumindak b. greget tumindak bebarengan c. urip sing selaras d. urip ngedohi pasulayan2. Rukun agawe santosa, crah agawe bubrah. Tegese .... a. Cecongkrahan ndadekake kuwat, nanging rukun ndadekake korat-karit. b. Rukun kadhang-kadhang ndadekake kuwat utawa korat- karit. c. Cecongkrahan kadhang-kadhang ndadekake kuwat utawa korat-karit. d. Rukun ndadekake kuwat, nanging cecongkrahan ndadekake korat-karit.3. Geguritan, yaiku: .... a. Puisi basa Jawa gagrag lawas (kuna) kang ora kaiket dening paugeran (aturan) sing gumathok. b. Puisi basa Jawa gagrag anyar (modern) kang ora kaiket dening paugeran (aturan) sing gumathok. c. Puisi basa Jawa gagrag anyar (modern) kang kaiket dening paugeran (aturan) sing gumathok. d. Puisi basa Jawa gagrag lawas (kuna) kang kaiket dening paugeran (aturan) sing gumathok.4. Tema karangan, yaiku .... a. gagasan pokok sing arep diwadhahi sajerone tulisan b. gagasan tambahan sing arep diwadhahi sajerone tulisan c. gagasan tambahan sing diandharake sajerone tulisan d. gagasan pokok sing arep diandharake sajerone tulisanTantri Basa Klas 4 215. Pamilihe tembung sing pantes lan mentes ndadekake geguritan dadi .... a. alus lan nrenyuhake b. endah lan aji c. kasar lan mangkelake d. suci lan nyenengake6. Saben sapada geguritan, dumadi saka siji .... a. tema b. gagasan c. gagasan tambahan d. gagasan pokok7. Salah sijine cara kanggo mahami geguritan, yaiku kanthi ngowahi wujud teks geguritan dadi wujud teks gancaran (prosa/crita). Pakaryan ngowahi wujud iki diarani .... a. ngowahi gancaran b. prosa/crita c. ngarang gancaran d. parafrase8. Wong maca geguritan, sing paling apik yaiku .... a. kanthi solah bawa lan patrape dhewe-dhewe b. kanthi nuladha solah bawa lan patrape liyan c. kanthi tanpa solah bawa lan patrap d. kanthi solah bawa sing digawe-gawe9. Yen isine geguritan iku sedhih, polatane sing maca kudu .... a. katon seneng supaya sing ngrungokake melu seneng b. katon bungah supaya sing ngrungokake melu bungah c. katon nelangsa supaya sing ngrungokake melu sedhih d. katon sedhih supaya sing ngrungokake melu seneng10. Tetembungan sing runtut karo tembung ngarepe diarani .... a. wirama b. purwakanthi c. surasa d. sastra22 Tantri Basa Klas 4II. Jodhokna tembung ing kolom sisih kiwa karo tegese ingkolom sisih tengen, kanthi nulis aksara ing papan kangsumadya!No. Tembung Aksara Tegese1 gayor (...) A slamet2 ditabuh (...) B kuwat3 meri (...) C tukar padu4 rahayu (...) D korat-karit5 komplek (...) E urip sing salaras6 crah (...) F greget tumindak bebarengan7 bubrah (...) G kumpulan omah8 rukun (...) H cantholan gong9 santosa (...) I kepengin duweke wong liya10 guyub (...) J dithuthukIII. Wangsulana kanthi patitis! 1. Wenehana tuladha tumindak sing nuduhake pakerti guyub rukun ing masyarakat sakiwa tengenmu! 2. Aranana strukture (wangunan) geguritan! 3. Apa mupangate tema sajrone karangan? 4. Kepriye patrap sing bener tumrap wong sing maca geguritan? 5. Tulisen sawijine (karangan) teks geguritan kanthi pilihan tema: a. Guyub Rukun ing Kulawarga. b. Guyub Rukun ing Sekolah. c. Guyub Rukun ing Masyarakat.Tantri Basa Klas 4 23WULANGAN 2 GEMI NGGUNAKAKE ENERGI KOMPETENSI DASAR 3.1 Mengenal, memahami, dan mengidentifikasi teks dialog, teks cerita, dan teks drama dengan tatakrama. INDIKATOR 3.1.1 Mengidentifikasi ciri-ciri teks dialog. 3.1.2 Menjelaskan tatakrama dalam berdialog. 3.1.3 Menjelaskan isi teks dialog. KOMPETENSI DASAR 4.1 Melakukan dialog, bermain peran, bercerita, dengan tatakrama. INDIKATOR 4.1.1. Menyusun teks dialog sesuai tema. 4.1.2. Melakukan dialog.24 Tantri Basa Klas 4Sawise sinau wulangan 2 iki, para siswa kaajab bisa mahami titikane teks pacelathon, njlentrehake tatakramane pacelathon, lan njlentrehake isine teks pacelathon. Sabanjure, para siswa uga kaajab trampil nulis teks pacelathon jumbuh karo tema lan nindakake pacelathon kanthi pakerti sing trep. Mbabar WawasanGemi (irit) nggunakake energi. Ukara iki saiki kerep kaprungu,jalaran donya saiki lagi ngadhepi krisis energi. Tembung energi asale saka basa Yunani, yaiku daya singdibutuhake kanggo nindakake pakaryan. Energi mujudake perangansawijining barang ananging ora kaiket marang barang kasebut,mulane energi duwe sipat fleksibel sing bisa diowahi utawadipindhah panggone. Energi mujudake sawenehe bab kang wigati tumrap uripemanungsa ing ndonya, awit sakabehe wujud tumindak utawa PILIH SING ENDI? Ayo gemi nggunakake energi! 25 Gambar : wikihowTantri Basa Klas 4kagiatane manungsa mbutuhake energi. Energi sing asale sakaminyak, mineral alam, lan batubara ora bisa didandani utawadianyari. Mula, tumrape manungsa ora ana pilihan kajaba gemi (irit)nggunakake energi.Kanthi nggatekake gambar lan maca andharan ing dhuwur banjurthukul pitakon. Wangsulana pitakon-pitakon ing ngisor iki! 1. Saka rong jinis lampu ing gambar, endi sing kokpilih? 2. Apa tegese gemi nggunakake energi? 3. Sapa sing kudu gemi nggunakake energi? 4. Wiwit kapan kita kudu gemi nggunakake energi? 5. Apa jalarane, kita kudu gemi nggunakake energi? Energi sing wujud listrik lan bahan bakar minyak pancenndadekake uripe manungsa dadi luwih gampang lan kepenak. Arepgawe jajan ora usah ngopyok endhog, cukup nyethekake mixer.Arep olah-olah ora usah cethik geni, cukup nyethekake kompor gasLPG. Listrik mujudake energi sing diasilake saka pangolahan energibumi. Wiwit saka energi gas, angin, srengenge lan liyane bisadiowahi (dikonversi) dadi energi listrik. Jinis energi iki gampangdisalurake, disimpen, lan diowahi dadi energi liyane maneh. Awit cacahe manungsa ing donya tansah mundhak lanteknologi perabotan uga melu mundhak, mula kabutuhan energiuga melu mundhak. Mula, ora mokal yen sawayah-wayah kita bakalkentekan energi. Mula wis samesthine yen wiwit saiki kita kudugelem lan bisa gemi nggunakake energi. Tegese, kita kudu ngupayanggunakake energi kanthi efisien, yaiku ngetokake daya sethithik,nanging ngasilake guna/paedah sing gedhe.26 Tantri Basa Klas 4Pasinaon 1Model Teks Pinilih : Teks Pacelathon Gemi Nggunakake EnergiKegiatan ing pasinaon siji bocah-bocah bakal nyinau tekspacelathon kanthi tema ”Geminggunakake Energi”. Kanggomahami teks pacelathon iku,bocah-bocah bakal nggarapmaneka warna ayahan. Garapan1 mahami titikane teks Gunakna lampu saperlunepacelathon, Gambar: wikiHownjlentrehake garapan 2 tatakramanepacelathon, lan garapan 3 yaiku njlentrehake isine teks pacelathon.Gladhen 1: Mahami Titikane Teks PacelathonSadurunge maca teks pacelathon kanthi tema ”Gemi NggunakakeEnergi”, wangsulana pitakon-pitakon iki! 1. Apa bocah-bocah wis tau krungu tembung pacelathon? 2. Pacelathon ing Bahasa Indonesia diarani apa? 3. Apa bocah-bocah wis tau nindakake pacelathon? 4. Apa sing kokrembug ing pacelathon mau? 5. Kepriye basa sing kokgunakake ing pacelathon iku?Pacelathon tegese padha karo percakapan utawa dialog ing BasaIndonesia. Pacelathon tegese rembugan antarane wong loro utawaluwih ngenani sawenehing bab. Wong Jawa yen pacelathon diaturdening tata krama sing diarani unggah-ungguh basa. KanthiTantri Basa Klas 4 27unggah-ungguh basa kang trep, kita bisa ngajeni lan nresnanimarang wong liya sing diajak guneman. Yen sing dijak guneman wong sing luwih tuwa, kita bakal ngajeni kanthi nggunakake basa krama. Suwalike, yen sing dijak guneman luwih enom, minangka tandha tresna asih kita nggunakake basa ngoko. Cethane, wacanen teks pacelathon iki lan tindakna ayahan sabanjure!Wong Jawa Kebak Unggah-ungguh Gambar: blogsamz11.blogspot. Teks 1: LED luwih padhang lan awet Gambar: www.rajalampu.comPakdhe : ”Kok sajak kesusu, arep nyang endi Bim?”BimaPakdhe : ”Inggih, tumbas lampu pijar.”Bima : ”Kok gak lampu LED wae.”Pakdhe : ”Pilih ingkang mirah, Pak.” : ”Bener, lampu LED regane luwih larang. Nanging yen dipikir tenan, ora ngono.”28 Tantri Basa Klas 4Bima : ”Kok saged mekaten?”Pakdhe : ”Sepisan, lampu LED luwih awet. Dadi...?”Bima : ”Boten perlu wongsal-wangsul tumbas.”Pakdhe : ”Pinter kowe! Kapindho, sinare LED padhange tikel wolune lampu pijar.”Bima : ”Amargi dayanipun alit ... tarip listrikipun inggih mirah.”Pakdhe : ”Pinter tenan kowe Bim, dakdongakake besuk gedhe dadi guru.”Bima : ”Matur nuwun pangalembana lan donganipun.”Pakdhe : ”Nah, sapa sing nggunakake lampu LED, ateges melu nyengkuyung gerakan hemat energi.”Bima : ”Ingih, Pakdhe, kula badhe wangsul rumiyin.”Pakdhe : ”Bener, matura bapakmu dhisik! Aku yakin bapakmu mesthi sarujuk.”Bima : ”Inggih Pak Dhe, kula nyuwun pamit.”Pakdhe : ”Sing ati-ati dhuwite aja nganti ceblok! Mengko bengi rasakna gumebyare sinar lampu hemat energi!”Kawruh sapala:Lampu pijar : lampu sing nganggo elemenLED : lampu cilik, light emetting diodeDayanipun : kekuwataneTarip : upah, bayar, ongkos.Pangalembana : dielem (disanjung)Nyengkuyung : nyetujoni, ngombyongi, ndhukungSarujuk : setujuGumebyare : padhange, bentereJingglengana teks ing dhuwur, banjur lumantar dhiskusi karo kancasabangku wangsulana pitakon iki kanthi milih salah siji wangsulansing bener!1. Teks pacelathon iku katulis kanthi wujud .... a. gancaran (prosa) b. pada (bait)Tantri Basa Klas 4 29c. imbal wacana (dhialog) d. geguritan (puisi) 2. Sakabehe ukara ing teks pacelathon iku nggunakake .... a. ukara kandha (kalimat langsung) b. ukara crita (kalimat ora langsung) c. ukara pakon (kalimat perintah) d. ukara panjaluk (kalimat permohonan) 3. Isine teks pacelaton yaiku: a. muji Gusti kang Maha Kuwasa b. nelakake rasa tresna asih c. nyritakake lelakone manungsa d. pangajak lan panerangan 4. Cacahing paraga (tokoh) ing teks pacelathon yaiku .... a. loro utawa luwih b. akeh banget c. siji utawa luwih d. ora bisa dietung 5. Ukara ing teks pacelathon .... a. dawa boseni b. cekak aos c. ngelantur d. cekak banget Sawise mangsuli pitakon ing dhuwur kanthi bener, saiki bisa dijupuk dudutan, yen teks pacelathon iku duwe titikan: 1) katulis kanthi wujud dhialog (imbal wacana), 2) nggunakake ukara kandha, 3) isine pangajak lan panerang, 4) cacahing paraga loro utawa luwih, lan 5) nggunakake ukara cekak aos.Gladhen 2: Njlentrehake Tatakrama Sajrone Teks Pacelathon30 Tantri Basa Klas 4Sajerone pacelathon, kita guneman kudu nganggo tatakramasing diarani unggah-ungguh basa.Unggah- ungguh yaiku sopan-santun,tata susila, tata pranatane basa singtujuane kanggo ngajeni wong liya.Unggah-ungguh basa bisa nuduhakekapribadene masyarakat Jawa. Yenunggah-ungguh basane trep ategespribadine luhur, kosok baline yenunggah-ungguh basane ala, ateges Pacelathon kanthi unggah-ungguhpribadine asor. Gambar: shoitara-uciha.blogspot.Miturut unggah-ungguh utawa undha usuk, Basa Jawakaperang dadi loro, yaiku Basa Ngoko lan Basa Krama. Basa Ngokokaperang dadi Ngoko Lugu lan Ngoko Alus, dene Basa Kramakaperang dadi Krama Lugu lan Krama Alus. Supaya luwih terang,gatekna andharan iki! unggah- ngoko ngoko luguunggah basa krama ngoko alus krama lugu krama alus1. Basa Ngoko, kaperang dadi: a. Ngoko Lugu Yaiku basa Jawa sing kadadean saka tembung-tembung ngoko kabeh tanpa kecampuran tembung krama apadene krama inggil. Ngoko lugu digunakake : (1) Kanca sing wis rumaket (2) Wong tuwa marang bocah enom (3) Pawongan kang lagi ngunandhika Tuladha: Aku lagi wae mulih saka Jakarta. Kowe apa wis mangan?Tantri Basa Klas 4 31b. Ngoko Alus Yaiku basa Jawa sing ukarane kacampur antarane tembung ngoko lan krama. Ngoko alus digunakake: (1) Kanca padha kanca kang wis akrab nanging luwih ngajeni. (2) Ibu marang bapak. (3) Adhi marang kangmas utawa mbakyu. (4) Wong tuwa marang wong enom, nanging pangkate luwih dhuwur. Tuladha: Mas Ali sesuk dakaturi tindak Jakarta. Pak Bupati isih gerah.2. Basa Krama, kaperang dadi: a. Krama Lugu Yaiku basa Jawa sing kadadean saka tembung krama. Krama lugu digunakake: (1) Wong kang durung akrab utawa durung kulina. (2) Wong sing luwih dhuwur drajate marang wong sing luwih tuwa. Tuladha: Pak Bayu ngertos panggenane Walanda. b. Krama Alus Yaiku basa Jawa sing kadadean saka basa krama lugu lan tembung krama inggil. Krama alus digunakake: (1) Marang wong kang diajeni banget. (2) Abdi marang bendara. Tuladha: Bapak Bupati taksih gerah.Supaya luwih cetha, wacanen teks pacelathon iki!Teks 2:32 Tantri Basa Klas 4Pak Bawa : ”Bim, TV ne yen ora kokdeleng, patenana!”BimaPak Bawa : ”Kula, badhe ningali film kartun, Pak.”Bima : ”Film kartun iku isih sajam maneh...hematPak Bawa energi!”BimaPak Bawa :”Nanging setrumipunBimaPak Bawa TV niki lak alit, paling bayaripun listrik mirah.” : ”Ora merga hemat mbayare wae, ya hemat energi. Delengen ta, isih akeh desa sing Gemi nggunakake energi durung dialiri listrik.” Sumber:www.kaskus.co.id : ”Niku ing luar Jawa, Pak ingkang dereng wonten listrik.” : ”Hla yen wis ngreti, saiki TV-ne ndang dipateni.” : ”Inggih Pak, mangke yen film kartune sampun wiwit kula ningali, nggih!” : ”Aja kuwatir, kana sinau dhisik!Jangkepana pranyatan ing ngisor iki!1. Manut unggah-ungguhe basa ana basa ngoko lan basa ....2. Basa ngoko kaperang dadi ngoko lugu lan ....3. Basa krama kaperang dadi krama alus lan ....4. Bocah karo bocah nggunakake basa ....5. Bocah marang wong tuwa nggunakake basa....6. Wong tuwa marang bocah nggunakake basa ....7. Bima ora doyan sega goreng. Ukara kasebut nganggo basa ....8. Miturut unggah-ungguh, Bima nggunakake basa ....9. Tujuane Bima nggunakake basa mau yaiku ....10. Ing pacelathon mau Pak Bawa nggunakake basa ....Saliyane unggah-ungguh basa, isih ana maneh tatakrama sing kududiugemi sajeroning pacelathon, yaiku sing diarani subasita. Bedane,yen unggah-ungguh basa mujudake tatakrama ing bab guneman,Tantri Basa Klas 4 33nanging subasita mujudake tatakrama ing bab solah bawa (tingkahlaku).Sajerone pacelathon,wong Jawa biasa nuduhakesubasita, yaiku; 1)sadurunge pacelathonngaturake ndhingklukminangka tandhapakurmatan, 2) polatan(ekspresi) tansah sumeh, 3)tangane ngapurancang(ditangkepake ing ngarep)kajaba yen nuduhake Pacelathon ngugemi tatakrama.samubarang, 4) madhep Sumber:liberty-aries.blogspot.ora tolah-toleh lan oranyawang pasuryane wong sepuh sing diajak guneman, lan 5) oradisambi karo ngemut utawa ngemil panganan.Gladhen 3: Njlentrehake Isine Teks PacelathonAna ing kalodhangan iki bocah-bocah bakal diajak sinaunjlentrehake isine teks pacelathon. Minangka sarana gladhen,gatekna teks iki banjur garapen pakaryan ing ngisore!Teks 3:Agung : “Nuwun sewu, kok njanur gunung nitih sepedhah, Pak. Kenging punapa mobilipun?”Pak Hari : “Mobile apik-apik wae, mung bapak kepinginAgung sepedhahan.”Pak Hari : “Bapak punapa boten lingsem?”Agung : “Ora, isin iku yen mbolos, telat, ora nggarapPak Hari PR.”34 : ”Lajeng menapa tujuanipun bapak nitih sepedhah? : ”Kanggo njaga kesehatan lan ngulinakake Tantri Basa Klas 4Agung budaya gemi nggunakake energi.”Pak Hari : “Wah, kula kok mboten mudheng, ta?”Agung : “Mobil kae bahan bakare apa?”Pak Hari : “Bensin, petralit, utawi petramax.” : “Kuwi kabeh bahan sing asale saka bumi. YenAgungPak Hari digawe terus, suwe-suwe bisa entek.”Agung : “Wah, dangu-dangu rak saged telas?” : “Mulane aku numpak sepedhah, ben irit energi.”Pak Hari : “Wah, menawi para pejabat ingkang dalemipun celak kantor, kersa niti sepedhah, saged irit BBM?” : “Ya, kajaba kuwi uga nyuda kemacetan.”Wangsulana pitakon-pitakon ing ngisor iki!1. Apa tegese tembung njanur gunung ing teks pacelathon dhuwur?2. Pak Hari bakal rumangsa isin yen tumindak apa?3. Apa tujuane Pak Hari nitih sepedha?4. Aranana jinis bahan energi sing sumbere ora bisa didandani utawa dianyari!5. Kepriye yen energi dinggo terus?6. Nyapa energi bisa entek?7. Kendharaan apa wae sing nggunakake energi mau?8. Kepriye, yen kabeh priyayi sing daleme cedhak kantor kersa nitih sepedha?9. Saliyane bisa ngirit energi, priyayi tindak kantor kanthi nitih sepedha bisa njalari apa?10. Tulisen dudutan isine tes pacelathon ing dhuwur!Tantri Basa Klas 4 35Pasinaon 2Makarya Bebarengan: Nindakake PacelathonKabeh melu tandang gawe.Gambar: Sajerone pasinaon 2 bocah- ndepurba.wordpress.com bocah kaajak ngrakit teks pacelathon adhedhasar tema karo kancane saklompok. Sabanjure pacelathon kang wis karakit diparagakake ing ngarep kelas. Kanggo kaperluan mau, luwih dhisik para siswa kudu mangerteni tatacarane ngrakit teks pacelathon.Gladhen1: Ngrakit Teks Pacelathon Adhedhasar TemaTrap-trapan nyusun teks pacelathon, yaiku: 1. Nemtokake tema Manawa tema “Gemi Nggunakake Energi” krasa kejembaren, tema bisa kaciutake dadi anak tema, tuladhane: a. Ngirit setrum setrika listrik. b. Ngirit setrum mesin cuci. c. Ngirit setrum lampu. 2. Golek informasi babagan sing ana sambung rapete karo tema sing dipilih (sumber informasi bisa digoleki saka buku, koran, majalah, utawa internet). 3. Nemtokake cacahe pawongan sing melu omong-omongan ing pacelathon. 4. Ngrembakakake tema sing dipilih dadi ukara.36 Tantri Basa Klas 45. Nyusun teks pacelathon kanthi nggunakake tata tulis sing pener lan bener. Nalika nyusun teks pacelathon, ana bab sing kudu dadikawigaten, yaiku ukara sing digunakake kudu saur-sauran(gentenan ngomong). Teks pacelathon kerep nggunakake tembungpitakon apa, sapa, kepriye, ing ngendi, lan kapan.Gawea teks pacelathon karo kancamu saklompok kaya pituduh ingdhuwur! Gladhen2: Maragakake Teks PacelathonNalika maragakake teks pacelathon, pocapan kudu jelas, intonasikudu pas, polatan lan gestur kudu jumbuh karo isine pacelathon.Jlentrehe mangkene:1. Pocapan Gambar:erfolg.orga. Swara jejeg lan swara miring kanthi pener Pocapan kudu jelas. lan bener. Gambar: ikafitriyanti.blogspot 1) Bisa ngucapake swara a jejeg kaya ing tembung dawa, bata, lan sanga. Semono uga kudu bisa ngucapake swara a miring kaya ing tembung jajan, nanas, lan enak. 2) Bisa ngucapake swara i jejeg kaya ing tembung iki, pari, lan sapi. Semono uga kudu bisa ngucapake swara i miring kaya ing tembung pitik, benjing, lan ing.Tantri Basa Klas 4 373) Bisa ngucapake swara u jejeg kaya ing tembung ibu, aku, lan sapu. Semono uga kudu bisa ngucapake swara u miring kaya ing tembung kasur, sarung, lan warung.4) Bisa ngucapake swara e jejeg kaya ing tembung sate, kare, lan tape. Semono uga kudu bisa ngucapake swara e miring kaya ing tembung pelem, kalem, lan elek.5) bisa ngucapake swara o jejeg kaya ing tembung ora, soto, lan bakso. Semono uga kudu bisa ngucapake swara o miring kaya ing tembung kodhok, ngorok, lan kelompok.b. Swara aksara t, th, d, lan dh kanthi pener lan bener.1) Bisa ngucapake aksara t kanthi nggathukake pucuk ilatketemu pucuk untu, tuladhane untu, tomat lantindak. Semono uga kudu bisa ngucapake Aksara thdiucapake kanthi nggathukake pucuk ilat ketemu langit-langit ing alat ucap, tuladhane bathuk, kathok , lanmanthuk.2) Bisa ngucapake aksara d kanthi nggathukake pucuk ilatketemu pucuk untu, tuladhane kudu, duren, lan dudu.Semono uga kudu bisa ngucapake Aksara dh diucapakekanthi nggathukake pucuk ilat ketemu langit-langit ingalat ucap,tuladhane dhahar,sadhuk, lan dhukun.2. Intonasi Solah bawa jumbuh karo tatakrama Intonasi ateges wiramane ukara, gambar: ricky-perdana.blogspot yaiku rendhet-cepete lan agal- aluse pocapane paraga nalika nuturake tembung lan ukara sajerone pacelathon.38 Tantri Basa Klas 43. Polatan Polatan yaiku owah-owahane praupan kanggo ngatonake rasane batin. Paraga kudu ngatonake praupan jumbuh karo isine teks pacelathon.4.Gestur Gestur mujudake solah bawa utawa tingkah polahe paraga jumbuh karo isine teks pacelathon.Tindakna pakaryan iki!Bocah-bocah, andharan bab tatacara maragani teks pacelathonmau sinaunen kanthi becik. Yen wis rampung, paragakna tekspacelathon ing ngisor iki karo kancamu saklompok!Agung : “Nuwun sewu, kok njanur gunung nitih sepedhah, Pak. Kenging punapa mobilipun?”Pak Hari : “Mobile apik-apik wae, mung bapak kepinginAgung sepedhahan.”Pak Hari : “Bapak punapa boten lingsem?”Agung : “Ora, isin iku yen mbolos, telat, ora nggarapPak HariAgung PR.”Pak Hari : ”La, menapa tujuanipun bapak nitih sepedhah?”Agung : ”Njjaga kesehatan lan budaya gemi energi.”Pak Hari : “Wah, kula kok mboten mudheng, ta?” : “Mobil kae bahan bakare apa?”Agung : “Bensin, petralit, utawi petramax.”Pak Hari : “Kuwi kabeh bahan sing asale saka bumi. YenAgung digawe terus, suwe-suwe bisa entek.”Pak Hari : “Wah, dangu-dangu saged telas?” : “Mulane aku numpak sepedhah, ben irit energi.” : “Wah, menawi para pejabat tindak kantor, kersa niti sepedhah, saged irit BBM?” : “Ya, kajaba kuwi uga nyuda kemacetan.”Tantri Basa Klas 4 39Lembar Pambiji Maragani Teks Pacelathon Aspek Pambiji Gestur Skor BijiNo. Jeneng Pocapan Intonasi Polatan 1 2 3 4 5 Pasinaon 3Makarya Mandhiri Babagan Teks PacelathonMung manungsa sing duwe jiwa mandhiri sing bisa tumindak aktif,kreatif, lan inovatif. Supaya duwe jiwa mandhiri, bocah-bocah kudukerep gladhen makarya kanthi mandhiri. Mula, kanggo sarana gladhen ing pasinaon 3 iki bocah- bocah bakal kaadhepake karo ayahan mandhiri, yaiku nulis teks pacelathon kanthi tema “Gemi Nggunakake Energi”. Bocah-bocah mesthine kerep nindakake pacelathon karo kanca tunggal sekolahan, tunggal RT, utawa tunggal desa. Ing Aktif, kreatif, lan inovatif. pacelathon mau maneka bab bisaGambar: ayomendidik.wordpress.com diomongake, wiwit film kartun sing disenengi, alat elektronika, ngantipiwulang ing sekolah. Saka pacelathon mau, akeh informasi singbisa kapethik.Saiki bocah-bocah bakal sinau nyusun teks pacelathon kanthi tema“Gemi Nggunakake Energi”.

40 Tantri Basa Klas 4



Page 2

Gladhen 1 : Nulis Teks Pacelathona. Gatekna gambar iki!klambi reged langsung diumbah. Klambi reged diklumpukake lagi diumbahKanggo sarana gladhen, jangkepana teks pacelathon adhedhasargambar ing dhuwur!Bu Yani : “Apa bener, dhek wingi kowe tuku mesin cuci?TutiBu Yani : ............................. : “Apa kowe gelem dakkandhani caraneTuti nggunakake mesin cuci?”Bu Yani : “Inggih, kula badhe nyuwun pirsa, nangingTutiBu Yani kula isin.” : ................................................”Tuti : “O, makaten ta?”Bu Yani : “ Saliyane iku isih ana bab sing wigati, yaiku kanggo ngirit listrik, banyu, lan sabun, ... kumpulake dhisik klambi sing reged ... lagi diumbah.” : “..........................................................” : “Ya wis, yen wis jelas, jajalen!”Tantri Basa Klas 4 41GLADHEN WULANGAN 2I. Pitakon ing ngisor iki wangsulana sing patitis, kanthi milih siji wangsulan sing paling bener!1. Kita kudu gemi energi supaya ora kentekan. Tembung gemi tegese yaiku.... a. awet b. boros c. utuh d. irit2. Bensin, pertalit, pertamak lan batubara iku kalebu energi kang diasilake dening.... a. pabrik b. bumi c. manungsa d. omahan3. Pacelathon tegese ... . a. beda karo percakapan utawa dialog ing Basa Indonesia. b. ing bahasa Indonesia diarani drama utawa teater. c. pangudarasane pawongan ngenani sawenehe bab. d. rembugane wong loro utawa luwih ngenani sawenehe bab.4. Miturut unggah-ungguh utawa undha usuk, basa Jawa kaperang dadi loro, yaiku .... a. ngoko lugu lan ngoko alus b. krama lugu lan krama alus c. basa ngoko lan basa krama d. krama lugu lan krama inggil 42 Tantri Basa Klas 45. Pacelathone bocah marang wong tuwa nggunakake basa.... a. ngoko lugu b. ngoko alus c. krama lugu d. krama alus6. Pacelathone batur marang juragan nggunakake basa.... a. ngoko lugu b. ngoko alus c. krama lugu d. krama alus7. Bu Dewi : Surti, kowe arep nyang ndi?Surti : ....Ukara kang trep kanggo njangkepi pacelathon ing dhuwur yaiku....a. nyang omahe budhe.b. dhateng dalemipun budhe.c. nyang griyane budhe.d. tindak griyane budhe.8. Budhe badhe ....pundi? Tembung kang trep kanggo njangkepi ukara kasebut yaiku.... a. tindak b. lunga c. kesah d. wangsul9. Salah sawijine titikan teks pacelathon yaiku ... . a. katulis kanthi wujud dhialog (imbal wacana) b. mung nggunakake ukara crita c. diparagani dening pawongan siji d. nggunakake ukara sing ngambrawara.10. Bapak mundhut jajan kanggo Bima lan Rini. Ukara kasebut nggunakake basa .... a. ngoko luguTantri Basa Klas 4 43b. ngoko alusc. krama lugud. krama alusII. Jodhokna tembung ragam krama ing kolom sisih kiwa karotembung ragam ngoko ing kolom sisih tengen, kanthi nulisaksara ing papan kang sumadya!No. Tembung Ragam Aksara Tembung Ragam Krama Ngoko1 gampil (...) A tuku2 diutus (...) B seneng3 tumbas (...) C lagi4 alit (...) D dikandhani5 wangsul (...) E isin6 remen (...) F dikongkon7 nembe (...) G cilik8 didhawuhi (...) H entek9 lingsem (...) I bali10 telas (...) J gampangIII.Wangsulana kanthi patitis!IV. 1. Wenehana tuladha tumindak sing nuduhake pakerti gemi nggunakake energi! 2. Aranana titikane teks pacelathon, loro wae! 3. Wong Jawa yen nindakake pacelathon nggunakake basa apa? 4. Aranana trap-trapane nulis teks pacelathon, loro wae! 5. Jangkepana teks pacelathon iki! Bima : “Wonten dhawuh bu?” Ibu : “......................................................................” Bima : “Sampun, TV –nipun sampun kula pejahi.” Ibu : “......................................................................”44 Tantri Basa Klas 4WULANGAN 3 PERDULI MARANG LINGKUNGANKOMPETENSI DASAR3.1. Mengenal dan memahami unsur intrinsik teks crita rakyat secara lisan dan tulis.INDIKATOR3.1.1. Menyebutkan contoh crita rakyat.3.1.2. Menjelaskan unsur intrinsik dalam teks crita rakyat.3.1.3. Menjelaskan pesan moral teks yang terdapat dalam crita rakyat.KOMPETENSI DASAR4.1. Menceritakan kembali teks crita rakyat sesuai dengan urutan yang benar.INDIKATOR4.1.1. Menuliskan pokok – pokok crita rakyat.4.1.2. Menceritakan crita rakyat sesuai dengan urutan yang benar4.1.3. Menanggapi crita teman.Tantri Basa Klas 4 45Sawise sinau wulangan 3 iki, bocah-bocah kaajab bisa: ngaranituladhane crita rakyat, njlentrehake unsur instrinsik sajerone tekscrita rakyat, lan njlentrehake ajaran moral sing ana ing sajerone tekscrita rakyat. Sabanjure, bocah-bocah uga kaajab bisa nulis gagasanutama saben paragraf, nyritakake maneh crita rakyat kanthi urutansing bener lan nanggapi critane kanca. Mbabar Wawasan Akeh manungsa sing wis lali marang piwulange leluhur babagan perduli marang lingkungan. Kamangka tujuane kanggo njaga lingkungan supaya migunani tumrap panguripane manungsa. Piwulang sing mau umume wujud gugon-tuhon utawa kapercayan, yaiku piwulang sing ora tinemu nalar nanging digugu lan dituhoni (digatekake lan dituruti) dening masyarakat. Tuladhane, “Aja ngrusak tetanduran sing wis ngrembuyung, mengko kuwalat karo sing mbaureksa!” Awit wedi karo sing mbaureksa (jin utawa dhemit), mula masyarakat ing kono banjur ora ana sing wani ngrusak wit-witan sing gedhe ngrembuyung mau (tuladhane wit ringin, trembesi, lan asem). Pungkasane, wit-witan mau bisa kanggo yub-yuban, bisa njaga sumber banyu ing njerone lemah, bisa ngasilake oksigen sing dibutuhake manungsa, lan menawa ditata sing apik bisa nambahi endahe lingkungan. Piwulange para leluhur babagan perduli marang lingkungan, migunakake dhasar pangrasa dudu pangrusak. Para leluhur ing tanah Jawa, menawa nyebut angkasa kanthi sebutan bapa angkasa, lan yen nyebut bumi kanthi sebutan ibu pertiwi. Para leluhur rumangsa, yen jagad agung iki kudu dikurmati, dijaga, diopeni lan dibekteni kaya bapa lan ibune dhewe.46 Tantri Basa Klas 4Eman yen nganti rusak. Gambar: tersakti.comSawise maca andharan lan nggatekake gambar ing dhuwur,mesthine banjur tuwuh pitakonan: 1) Wit gedhe ngrembuyung oyote pating klewer sing kacetha ing gambar iku jenenge wit apa? 2) Wit-witan semono gedhene iku kira-kira umure pirang taun? 3) Apa gunane wit-witan iku? 4) Kepriye carane ngopeni wit-witan nganti semono iku? 5) Apa ana wit-witan gedhe ing panggonanmu? Bareng karo kemajuane ilmu pengetahuan, masyarakat Jawasing maune ngugemi gugon tuhon tanpa dinalar saiki anggonengugemi gugon tuhon nganggo dinalar. Kanthi migunakake nalare,masyarakat Jawa bisa nemokake ajaran moral sajerone gugontuhon mau. Tuladha gugon tuhon lan ajaran moral perduli maranglingkungan bisa kawaca ing tabel iki.No. Gugon Tuhon Ajaran Moral1 Nyapu bengi, ora Nyapu ing wayah bengi regede ora katon. Mula, supaya lingkungan bisa ilok. resik yen nyapu becike wayah awan.2 Aja uncal uwuh. Nguncalale uwuh bisa ngregedi lingkungan, becike uwuh dikumpulake banjur dibuwang ing papan sing samesthine.Tantri Basa Klas 4 473 Aja ngidoni Kajaba reged, idu bisa dadi dalan nularesumur, mundhak penyakit. Kamangka banyu sumurguwing. mujudake kabutuhan pokok manungsa, mula kudu dijaga.4 Kandhang omah, Omah didadekake kandhang dadiora ilok reged, suker, sumber penyakit lan kurang prayoga yen ana tamu. Gugon tuhon iku mujudake kearifan lokal (budi pekerti singasipat lokal) sing diwulangake kanthi disamarake lumantar pepaliutawa wewaler (larangan) sajerone unen-unen, dongeng, utawacrita rakyat. Pasinaon 1Model Teks Pinilih: Teks Crita RakyatPasinaon 1 iki bocah-bocah bakal nyinau wulangan kangsesambungan karo teks crita rakyat kanthi tema “Perduli MarangLingkungan”. Sajerone pasinaoniki bocah-bocah kaajakngrampungake rong garapan.Garapan 1 magepokan karongarani tuladhane teks critarakyat, dene garapan 2sesambungan karo njlentrehakeunsur instrinsik sajerone tekscrita rakyat. Nandur wit-witan, panen kabecikan. Gambar: harianterbit.com Gladhen 1 : Nuturake Tuladhane Crita RakyatSadurunge maca lan nuturake teks crita rakyat kanthi tema “PerduliMarang Lingkungan”, wangsulana pitakon-pitakon iki!1. Apa bocah-bocah wis tau krungu tembung crita rakyat?48 Tantri Basa Klas 42. Apa bocah-bocah wis tau maca teks crita rakyat?3. Apa irah-irahan teks crita rakyat sing tau kokwaca?4. Apa sing kokrasakake nalika maca teks crita rakyat?5. Apa gunane maca teks crita rakyat? Crita rakyat, yaiku crita jaman biyen sing tuwuh lanngrembaka ing masyarakat kanthi turun-tumurun digethok tularakelumantar lesan. Crita rakyat duwe titikan: 1) ora diweruhi sapa singngarang, 2) panyebarane kanthi lesan, 3) sugih cakrik utawavariasi, lan 4) sipate tradhisional. Jawa Timur sugih crita rakyat, meh saben dhaerah duwe critarakyat dhewe-dhewe. Crita rakyat sing kondhang yaiku: Asal-usulGuwa Ngerong, Lanjar Maibit, Angling Darma, Calon Arang, Andhe-Andhe Lumut, Rara Anteng lan Jaka Seger, Asal-Usul GunungKelud, Asal-Usul Telaga Pasir, Asal-Usul Surabaya, lan isih akehmaneh crita rakyat liyane. Crita rakyat bisa digunakake kanggo mulangake piwulangperduli marang lingkungan, salah sawijine yaiku “ Asal-usul GuwaNgerong”. Supaya luwih cetha, wacanen teks crita rakyat iki lantindakna ayahan sabanjure!Asal-usul Guwa Ngerong Dhek jaman biyen ing sisihkidul kulon tlatah Tuban, anakraton cilik sing diarani KratonGumenggeng. Rajane asmanePrabu Arya Bangah. Amargasaperangan gedhe wilayahe dumadisaka pagunungan kapur, mula meh Tim ekspedisi nelusuri njerone guwa.sadawane taun kraton kasebut Gambar: mahapalaupn.wordpress.tansah ngalami kangelan banyu. Kahanan kasebut ndadekakePrabu Arya Bangah prihatin. Prabu Arya Bangah nuli semedi, nyenyuwun marang Gustikang Murbeng Dumadi supaya diparingi pituduh kanggongundhakake karaharjane rakyate. Sajerone semedi, Prabu AryaBangah oleh wangsit yen reruwete Kraton Gumenggeng bakal sirnaTantri Basa Klas 4 49saka pitulungan Ki Jala Ijo ing pertapan Gunung Ngandhong.Sawise semedi, Prabu Arya Bangah banjur nimbali Ki Jala Ijo. Guwa lan kali ngerong panggonane iwak lan lawa. Gambar: gotuban.blogspot.co.id “Ki, anggon Panjenenganingsun nimbali sliramu sowan ingpendhapa iki ana perlune.” “Nuwun inggih, kula nyadhong dhawuh”, wangsulane Ki JalaIjo. “Saiki Praja Gumengeng lagi nandhang paceklik, tetanduranlan sato kewan padha mati awit kurang banyu. Mula, saiki siradakutus goleka sumber banyu ing tlatah kene!” prentahe PrabuArya Bangah. Ki Jala Ijo nyanggupi prentahe Prabu Arya Bangah. Kanthikadherekake punggawa kraton loro cacahe, Ki Jala Ijo mlakungulon parane. Tekan perengane gunung kapur, Ki Jala Ijonancepake pusakane. Dumadakan, saka tilas mancepe pusaka metubanyu sing gemrojog. Suwe-suwe, iline banyu tansaya banter lanronge (terowongane) tambah amba nganti dadi guwa sing metukaline. “Besuk yen ana rejane jaman, papan iki diarani GuwaNgerong”, ngendikane Ki Jala Ijo. Marang punggawa loro, Ki JalaIjo pesen yen punggawa loro iku ora oleh ninggalake guwa landiutus njaga lestarine guwa lan sumber banyu. Punggawa loro50 Tantri Basa Klas 4nyanggupi prentahe Ki Jala Ijo, kanthi njelma dadi iwak lan lawadheweke njaga kelestariane lingkungan guwa. Wiwit kedadean iku,lingkungan ing kiwa tengene guwa dadi ijo royo-royo, thukul kangsarwa tinandur, lan murahsandhang pangan.Guwa Ngerong Tuban,nganti saiki dikebakimaewu-ewu lawa lan iwakbadher. Masyarakat oraana sing wani ngrusakGuwa Ngerong jalarananane gugon tuhon, yenlawa lan iwak ikupanjilmane sing nungguguwa. Sapa wonge singngrusak guwa, sumber Iwak ing guwa Ngerong.banyu, wit-witan, iwak, lan Gambar: .adirafacesofindonesia.comlawa ing kiwa-tengeneGuwa Ngerong wong mau bakal nemoni cilaka.Kawruh sapala:kraton : krajan, panggonane ratuwilayah : tlatah, dhaerah, wewengkonsemedi : tapa, tapabrata, manembahwangsit : wisik, pituduh, piwelingreruwet : alangan, godharejane jaman : ramene rajapanjilmane : malihanesirna : ilang, musnanyadhong dhawuh : nunggu prentahepaceklik : mangsa larang pangangemrojog : mili banterpunggawa : pengarep, abdi dalemTantri Basa Klas 4 51Sawise maca teks crita lan andharan ing dhuwur, ganepana ukara-ukara ing ngisor iki supaya sampurna!1. Irah-irahane crita rakyat ing dhuwur yaiku....2. Paragane crita ing dhuwur yaiku.... lan ....3. Crita kasebut kedadeane ing kraton....4. Raja ing Kraton Gumenggeng prihatin amarga....5. Kanggo ngundhakake karaharjane rakyat Raja Gumenggeng nindakake....6. Sing diutus Raja Gumenggeng golek sumber banyu yaiku....7. Sing ditindakake dening utusane raja Gumenggeng sajerone golek sumber banyu yaiku....8. Papan metune sumber diarani Guwa Ngerong amarga....9. Guwa Ngerong nganti saiki isih lestari amarga....10. Tuladha crita rakyat liyane sing koweruhi yaiku .... lan .... Gladhen 2 : Njlentrehake Unsur Intrinsik Crita RakyatSanajan crita rakyat iku mujudake gancaran (prosa) sing oradiweruhi pengarange, nanging crita rakyat uga nduweni unsur-unsur pandhapuk sing jangkep kaya dene asil cipta sastra liyane.Salah siji unsur pandhapuk sing diduweni dening crita rakyat yaikuunsur intrinsik. Unsur intrinsik yaiku unsur pandhapuk Maca cerkak kudu titi.crita sing asale saka crita iku dhewe. Yen Gambar:diumpamakake sawijining wangunan, mulaunsur intrinsik mujudake perangan- mysecretboy.wordpress.comperangan sing digunakake minangka bahanwangunan kasebut. Unsur intrinsik critarakyat yaiku:1. Tema: Tema yaiku underane perkara utawa gagasan pokok sing dadi dhasar dumadine crita.52 Tantri Basa Klas 42. Latar Latar yaiku andharan babagan wektu, kahanan, lan papan dumadine crita.3. Pesan moral/ amanat Amanat yaiku pitutur luhur utawa piwulang sing bisa kapethik saka crita rakyat.4. Paraga lan watake Paraga lan watake yaiku sapa sing dicritakake lan kepriye watake.5. Alur. Alur yaiku urut-urutan dumadine crita. Umume crita rakyat migunakake alur maju. Panutur nyritakake kedadean miturut urutan wektu.Bocah-bocah, wacanen sepisan maneh teks crita rakyat kanthi irah-irahan “Asal-Usul Guwa Ngerong” sabanjure wangsulana pitakoning ngisor iki! 1) Apa temane crita rakyat kanthi irah-irahan “Asal-usul Guwa Ngerong”? 2) Kapan wektu kedadeane crita? 3) Dumadine crita ana ing endi? 4) Kepriye kahanane masyarakat ana ing crita rakyat kanthi irah- irahan “Asal-usul Guwa Ngerong”? 5) Apa amanat sing bisa kapethik saka crita rakyat kanthi irah- irahan “Asal-usul Guwa Ngerong”? 6) Sapa wae paragane crita mau? 7) Kepriye watake para tokoh ing crita rakyat kanthi irah-irahan “Asal-usul Guwa Ngerong”? 8) Kepriye alure crita rakyat kanthi irah-irahan “Asal-usul Guwa Ngerong”?Tantri Basa Klas 4 53Pasinaon 2 Makarya Bebarengan Babagan Crita Rakyat Sawise maca, mahami, lan njlentrehake unsur intrinsik ing teks crita rakyat, ing pasinaon 2 bocah-bocah bakal kaajak makarya bebarengan karo kanca ing klompok.Guyub rukun makarya bebarengan. Bocah-bocah kaajab kanthi Gambar: wapikweb.org guyub rukun, bisa njlentrehakepesen moral sing ana sajrone teks crita rakyat. Sabanjure, bocah-bocah uga kaajab bisa nulis gagasan utama saben paragraf sing ingcrita rakyat.Gladhen 1: Njlentrehake Pesen Moral Teks Crita RakyatPesen moral uga diarani amanat kang wujud pitutur becik kang anacrita. Supaya bisa mangreteni isine ajaran moral ing teks critarakyat, wacanen teks crita rakyat ing ngisor iki lan tindakna ayahansabanjure! GROJOGAN RORO KUNING Sawise Prabu Erlangga seda, kraton Kahuripan kaperang dadi loro yaiku Jenggala lan Panjalu. Kanggo ndadekake Kraton loro dadi siji maneh, Raja Jenggala sarujuk besananGrojogan Roro Kuning ing Nganjuk. karo Raja Panjalu.Gambar: http://dzofar com/ Raja Jenggala kagungan putra kakung asmane Raden Inu Kertapati. Dene Raja Panjalu saka garwa prameswari54 Tantri Basa Klas 4kagungan putri asmane Dewi Sekartaji, lan saka garwa selirkagungan putri asmane Galuh Ajeng.Amarga Dewi Sekartaji luwih ayu lan apik budi pakertineyen katandhing karo Galuh Ajeng, mula Raden Inu Kertapatimilih Dewi Sekartaji minangka jodhone.Galuh Ajeng sing serik atine banjur golek dalan kanggonyingkirake Dewi Sekartaji. Saka dhukun tenung, Galuh Ajengoleh endhog sing wis dijampi-jampi kanggo disisipake ingdhaharane Dewi Sekartaji.Sawise Dewi Sekartaji dhahar endhog mau, sakujurawake Dewi Sekartaji krasa gatel,padha mlepuh, lan ngetokakeganda amis. Sadhar yen laraneora biasa, Dewi Sekartaji banjursowan bibine yaiku Dewi Kilisucipertapan Guwa Selomangleng.“Laramu iki ora larasembarangan, nanging kowe ajawas-sumelang. Yen kowe bisasabar, gelem ngupaya golektamba, lan pasrah marang Gusti Beksan Roro KuningKang Maha Kawasa, kowe malah Gambar: cilpaentertainment.bakal oleh kanugrahan,” ngendikane Dewi Kilisuci manteb.“Aja kesuwen, saiki enggal mlakua ngalor temoknaGrojogan Mrambat ing Anjuk Ladhang (saiki Nganjuk)!Mesanggraha ana kana, saben esuk lan sore adusa nganggobanyune sing bening! Aja pisan-pisan gawe karusakan ingkana, awit banyune sing suci bisa dadi tambane laramu lanalame sing asri bisa ngadhemake ati sing panas!” ngendikaneDewi Kilisuci sabanjure.Nindakake dhawuhe Dewi Kilisuci, ing Grojogan MrambatDewi Sekartaji ngedegake pesanggrahan. Supaya orakonangan yen panjenengane iku putra raja, Dewi Sekartajiganti asma yaiku Roro Kuning. Panjenengane tansah njagagrojogan supaya tetep resik lan asri.Tantri Basa Klas 4 55Saben dina panjenengane siram lan ngunjuk banyugrojogan. Ora nganti suwe kira-kira pitung dina lawase,penyakite Roro Kuning wis ilang. Roro Kuning mbalik dadi ayumaneh, ayu rupane uga ayu atine. Suwe-suwe Grojogan Mrambat dadi rame, akehpawongan sing padha golek tamba ing kana. Roro Kuningkanthi suka rena tansah paring tetulung marang sapadha-padha, kanthi menehi dhaharan lan suguhan marangsakabehe pawongan sing mertamba. Kacarita, ing Jenggala Raden Inu Kertapati pirsa yenDewi Sekartaji calon garwane ilang, panjenengane sedhihbanget. Saka prajurit andhahane, panjenengane oleh lapuranyen ing Grojogan Mrambat ana wong wadon ayu sing senengtetulung jenenge Roro Kuning. Raden Inu Kertapati yakin yenRoro Kuning iku sejatine Dewi Sekartaji. Raden Inu Kertapati banjur kadherekake para prajuritmapag Dewi Sekartaji. Sawise ketemu, Dewi Sekartajikaboyong didadekake garwa ing kraton. Sadurunge kondur ingkraton Raden Inu Kertapati dhawuh, “Besuk yen ana rejanezaman papan iki diarani Grojogan Roro Kuning!”Kawruh sapala:sarujuk : setujuprameswari : garwa padmi, garwa utamaselir : garwa kapindhoserik : ora senengtenung : santhetpasangrahan : omah panginepansuka rena : seneng, suka parisukakaboyong : digotong, dijujulpasanggrahan : papan leren56 Tantri Basa Klas 4Sarampunge maca crita ing dhuwur, jangkepana tabel ing ngisoriki. garapen karo kancamu saklompok!No. Kutipan Teks Amanat Yen kowe bisa sabar, gelem Kita kudu sabar lan pasrah ngupaya golek tamba, lan pasrah marang Gusti Kang Maha1 marang Gusti Kang Maha Kawasa, Kuwasa kowe malah bakal oleh kanugrahan,” ngendikane Dewi Kilisuci manteb. Galuh Ajeng sing serik atine banjur ....................................... golek dalan kanggo nyingkirake Dewi Sekartaji. Saka dhukun2 tenung, Galuh Ajeng oleh endhog sing wis dijampi-jampi kanggo disisipake ing dhaharane Dewi Sekartaji. Mesanggraha ana kana, saben ...................................... esuk lan sore adusa nganggo banyune sing bening! Aja pisan- pisan gawe karusakan ing kana,3 awit banyune sing suci bisa dadi tambane laramu lan alame sing asri bisa ngadhemake ati sing panas!” ngendikane Dewi Kilisuci sabanjure. Suwe-suwe Grojogan Mrambat ...................................... dadi rame, akeh pawongan sing padha golek tamba ing kana. Roro4 Kuning kanthi suka rena tansah paring tetulung marang sapadha- padha, kanthi menehi dhaharan lan suguhan marang sakabehe pawongan sing mertamba.Tantri Basa Klas 4 57Gladhen 2: Nemokake Pokok-Pokok Teks Crita Rakyat Pokok-pokok crita yendurutake urut-urutane crita singjangkeb.Dhiskusia karo kancamu saklompoktemokna pokok-pokoke crita “RoroKuning” kanthi urut lan jangkep!No Urutan Paes Dewi Sekartaji 1 1. Gambar: kompasiana.com22 Pokok-Pokok Crita Raja Jenggala pengin besanan karo Raja33 Panjalu4455 ........................................................... Galuh Ajeng gawe ala marang Dewi66 Sekartaji7 7 ...........................................................88 ........................................................... Dewi Sekartaji malih ayu rupane dhasar ya ayu atine. ........................................................... Panji Asmara Bangun mapag Dewi Sekartaji menyang Grojogan Mrambat.58 Tantri Basa Klas 4Pasinaon 3 Makarya Mandhiri Babagan Teks Crita RakyatKanggo meruhi sepira kawruhe bocah-bocah babagan teks critarakyat, ing pasinaon 3 bakal dijak nggarap ayahan mandhiri, yaikunyritakake maneh crita rakyat kanthi urutan sing bener lannanggapi critane kanca. Gladhen 1: Nyritakake Maneh Teks Crita Rakyat Pokok-pokok crita sing ditemokake bocah-bocah ing pasinaon loro mujudake ringkesan crita sing bisa digunakake pedhoman nindakake ayahan crita ing ngarep kelas. Nalika nindakake ayahan crita ing ngarep kelas, bocah-bocah kudu nggatekake: Kendel bandha wani. 1) panganggone tembung-Gambar: http://1080.plus/ tembung sing gampangdingerteni, 2) swara manut kahanan (swara lanang-wadon, enom-tuwa, sedhih-seneng, lan sapanunggalane), 3) obahake tangan lanawak kanggo nggambarake kahanan, 4) panyawang marangpenonton kanthi warata, 5) praupan dicocogake karo crita (sedhih,mangkel, lan sapanunggalane), 6) nggunakake perabotan kanggonarik kawigaten (gambar, boneka, utawa liyane), lan 7) komunikatifMajua siji-siji menyang ngarep kelas, nyritakake crita “GrojoganRoro Kuning” utawa “Asal-Usul Guwa Ngerong”!Tantri Basa Klas 4 59Gladhen 2: Nanggapi Critane KancaSaliyane bisa crita kanthi bener lan pener, bocah-bocah uga kudubisa menehi tanggapan nalika ana kanca crita ing ngarep kelasbabagan crita rakyat. Anggone nanggapi bisa kanthi aweh panemusing awujud pasarujukan, bantahan, pitakon, panyaru (kritik),utawa pamrayoga (saran). Babagan sing bisa ditanggapi, yaikuswarane, solah bawane, lan gaya komunikasine. Sakabehe panemubecike kaaturake kanthi tatakrama lan sopan santun.Tuladha menehi tanggapan:NO. Jeneng Tanggapan1 X Swarane wis apik, ananging solah bawa lan komunikasine isih kurang. Sanajan swarane kurang cetha, ananging solah2 Y bawane pantes lan bisa komunikasi karo penonton.60 Tantri Basa Klas 4GLADHEN WULANGAN 3I. Pitakon ing ngisor iki wangsulana sing patitis, kanthi milih siji wangsulan sing paling bener!1. Gugon-tuhon, yaiku ... . a. piwulang sing ora tinemu nalar mula ora digugu lan dituhoni dening masyarakat. b. piwulang sing ora digugu lan dituhoni mula ora digatekake dening masyarakat. c. piwulang sing ora tinemu nalar nanging digatekake lan dituruti dening masyarakat. d. piwulang sing tinemu nalar mula digugu lan dituhoni dening masyarakat.2. Para leluhur ing tanah Jawa, menawa nyebut angkasa kanthi sebutan ... . a. bapa angkasa b. ibu pertiwi c. langit d. jonggring saloka3. Aja ngidoni sumur, mundhak guwing. Gugon tuhon iku tujuane ... . a. njaga sumur supaya ora reged. b. ngajari carane idu. c. njaga lambe supaya ora guwing. d. njaga supaya ora ketularan penyakit.4. Aja nglungguhi bantal. Gugon tuhon kasebut duwe karep.... a. njalari udunen b. njalari ngompol c. njalari kuwalat d. ngajeni papane sirahTantri Basa Klas 4 615. Crita rakyat, yaiku ... . a. crita jaman saiki sing tuwuh lan ngrembaka ing masyarakat kanthi turun-tumurun digethok tularake lumantar lesan. b. crita jaman biyen sing tuwuh lan ngrembaka ing masyarakat kanthi turun-tumurun digethok tularake lumantar tulisan. c. crita jaman saiki sing tuwuh lan ngrembaka ing masyarakat kanthi turun-tumurun digethok tularake lumantar lesan. d. crita jaman biyen sing tuwuh lan ngrembaka ing masyarakat kanthi turun-tumurun digethok tularake lumantar lesan.6. Crita rakyat sing kondhang yaiku... . a. Angling Darma, Calon Arang, Andhe-andhe Lumut b. Jaka Seger Sawise Adus, Jaka lara Budhug, Putri Kuning c. Asal-Usul Lumpur Lapindo, Asal-Usul Pasir, Lunga Surabaya d. Asal-usul lawa ing Guwa Ngerong, Asline Angling Darma7. Crita rakyat Roro Kuning yaiku crita saka dhaerah.... a. Tuban b. Surabaya c. Nganjuk d. Kediri8. Underane crita uga diarani .... a. latar b. wejangan c. tema d. alur9. Kang ora kalebu paragane crita rakyat Roro Kuning yaiku.... a. Dewi Galuh Ajeng b. Dewi Kilisuci c. Prabu Erlangga d. Angling Darma62 Tantri Basa Klas 410. Nalika nindakake ayahan crita ing ngarep kelas, bocah-bocah kudu ... . a. nggunakake tembung sing gampang dimangerteni. b. ngobahake tangan lan awak supaya ora gampang kesel. c. ngarahna panyawang marang penonton sing ana ngarep. d. njumbuhake praupan karo perabotan sing digunakake.II. Rampungna garapan ing ngisor iki kaya prentahe! 1. Wenehana tuladha tumidak sing nuduhake pakerti perduli marang lingkungan! 2. Aranana titikane crita rakyat! 3. Sebutna unsur intrinsike crita rakyat! 4. Sebutake piwulang utawa ajaran moral sing ana ing crita rakyat! 5. Tulisen kanthi ringkes, crita rakyat sing ana ing dhaerahmu!Tantri Basa Klas 4 63WULANGAN 4 SREGEP MAKARYA KOMPETENSI DASAR 3.1. Mengenal, memahami, dan mengidentifikasi jenis teks narasi dan deskripsi. INDIKATOR 3.1.1. Mengidentifikasi ciri-ciri teks narasi. 3.1.2. Mengidentifikasi ciri-ciri teks deskripsi. 3.1.3. Membedakan teks narasi dengan deskripsi. KOMPETENSI DASAR 4.1 Menulis jenis teks narasi dan deskripsi INDIKATOR 4.1.1. Menulis teks narasi sederhana sesuai tema. 4.1.2. Menulis teks deskripsi sesuai tema. 4.1.3 Membacakan teks64 Tantri Basa Klas 4Sawise sinau wulangan 4 iki, para siswa kaajab bisa: niteni titikaneteks narasi lan dheskripsi, lan uga bisa nuduhake bedane teks narasikaro dheskripsi. Sabanjure, para siswa uga kaajab bisa nulis teksnarasi lan dheskripsi jumbuh karo tema. Mbabar Wawasan Amarga rasa welas asihing Gusti Allah marang manungsa,mula Panjenengane wis nyiptakake bumi pertiwi sing subur,rajakaya, lan sato iwen kanggo karaharjaning manungsa. Bumikang loh jinawi bakal bisa dadi makmure jalma manungsa kabehyen diolah kanthi tlaten. Mula, kabeh kudu sregep makarya(nyambut gawe) kanggo nyukupi sandhang pangane. Ora olehmung sendhakep wae utawa mung lungguh sendheku ndedongangadhep Gusti nyuwun kamurahan lan welas asih. Kesed makaryalan mung nyuwun agunge sih Gusti, padha karo ngenteni thukulejamur ing mangsa ketiga. Sepira subure palemahan lan pasiten, yen ora digarap kanthibecik ora bakal menehi pangan. Sepira cengkare pategalan lankebon yen digarap kanthi bener lan becik bakal dadi makmure singnggarap. Abot entheng, angel gampang kabeh kudu nyambutgawe. Dene yen baune ora bisa kanggo nyandhak pacul lan garu,utawa nggawa prau lan jala kanggo golek iwak, pawongan singmangkono iku bisa makarya kanthi dadi pedagang, penjait, utawausaha ekonomi kreatif liyane. Wiwit saiki para siswa kudu wis duwe gegayuhan (cita-cita)suk yen gedhe kepengin dadi apa? Kepengin dadi guru, tentara,petani sukses, pegawai negeri, apa pengusaha? Kabeh padhaapike. Sing penting, sregep makarya kanthi ora nabrak angger-angger, lan ora gawe cuwane wong liya bakal oleh asil sing nyata,halal, lan barokah. Kajaba makarya, aja nganti lali tansah ndongamarang Gusti kang Maha Welas Asih.Tantri Basa Klas 4 65Gambar: Gambar: Gambar:www.kompasiana.com berita.suaramerdeka.com bsukses.com Gambar: Gambar: Gambar:muslimahdaily.com www.agrofarm.co.id wahfakta.blogspot.comSawise maca andharan lan nggatekake gambar ing dhuwur,mesthine banjur tuwuh pitakon:1. Gambar pawongan ing dhuwurnuduhake pakaryan apa wae?2. Jinis pakaryan apa sing asilegumantung marang kahananealam?3. Jinis pakaryan apa singmbutuhake tenaga sing akeh Jenis pakaryan: Penari profesional.lan kuwat? Gambar: sinar-hitam.blogspot.4. Jinis pakaryan apa sing mbutuhake sekolah khusus?5. Besuk yen wis gedhe kowe kepengin dadi apa?Para leluhur kita pancen wis kondhang minangka bebrayansing tata, tatas, titi, titis yen makarya. Anggone makarya tansahtemata samubarange, tuntas pakaryane, tliti prosese, lan penersing dituju, mula asile tansah maremake tur migunani. Coba66 Tantri Basa Klas 4gatekake Candhi Borobudhur, Prambanan,lan wangunan adi luhung liyane! Yennonton wujude, wangunan iku mesthidiasilake dening para panguwasa, arsitek,tukang, lan kuli sing makarya kanthi tata,tatas, titi, lan titis. Minangka masyarakat sing teratur,para leluhur uga wasis andum gawemiturut kapinteran lan kaprigelane.Tuladha jinis pagaweyan sing wis anawiwit zaman biyen: Gambar:melancongjogja.comKawruh sapala:algojo : yaiku tukang nindakake pidana patibakul : wong sing gaweane dodolanbatur : wong sing gaweane ngrewangi uwongblandhong : tukang negor kayuburuh : wong sing nyambut gawe kasarcantrik : abdine pandhita ngiras dadi muridecarik : juru tulis ing kalurahandhalang : wong sing gaweane nglakokake wayangemban : tukang momong bocahempu : tukang gawe kerisgerji : tukang dondom klambiguru : wong sing gawene mulangjagal : tukang mbeleh rajakayajuragan : sudagar, lurahe pakaryanjuru dang : tukang adang segajuru kunci : tukang ngrumat pasareyankemasan : tukang gawe dandanan saka emaskundhi : tukang gawe grabahkusir : tukang nglakokake dhokar utawa kretamandhor : tukang ngawasi buruhmerbot : punggawa mesjidTantri Basa Klas 4 67Kawruh sapala:molang : bakul rajakayaniyaga : tukang nabuh gamelanpakathik : tukang ngrumat jaranpandhé : tukang gawe barang-barang saka wesipanegar : tukang ngajari (nglatih) jaranpangobèng : wong buruh mbathikprajurit : wong sing gaweane bela negarapujangga : ahli sastra, tukang ngarangsarawèdi : tukang adol utawa nggosok barleyan intensayang : tukang gawe barang saka tembagasinoman : nom-noman tukang ladensrati : tukang ngrumat gajahundhagi : tukang kayu Pasinaon 1 Model Teks Pinilih: Teks Narasi lan Teks Deskripsi Pasinaon 1 iki bocah-bocah arep sinau babagan teks narasi lan teks dheskripsi sing ana sambung rapete karo jinis pakaryan. Kanggo nggampangake sinau, jinis pakaryan sing dipilih minangka bahan piwulang yaiku loper koran. Loper koran mujudake jinis pakaryan sing pelakune rata-rata bocah cilik. Loper koran yaiku jinis pakaryan sing tugase ngeterake koran utawa majalah menyang omahe pelanggan. Sajerone pasinaon iki bocah-bocah kaajak ngrampungake rong garapan. Garapan 1 maca lan niteni titikane teks narasi, dene garapan 2 maca lan niteni titikane teks dheskripsi.68 Tantri Basa Klas 4Gladhen 1: Titikane Teks Narasi Sadurunge maca lan niteni Jenis pakaryan loper koran.titikane teks narasi ing jinis Gambar: fajarloper.blogspot.pakaryan loper koran, wangsulanapitakon-pitakon iki!1. Apa bocah-bocah wis tau krungu tembung narasi?2. Apa bocah-bocah wis tau maca teks narasi?3. Apa irah-irahan teks teks sing tau kokwaca?4. gaweane Apa sing kokrasakake nalika maca teks narasi?5. Apa gunane maca teks narasi? Narasi, yaiku teks kang ngandharake lelakon utawakedadeyan anut urutan wektu (kronologis), ana paraga, latar, lanalur. Bahane teks teks narasi bisa saka pengalaman uripemanungsa utawa saka asil rekadaya pikirane pengarang dhewe. Ayo nulis teks narasi! 69 Gambar: ilmuwancilik.comTantri Basa Klas 4Wacanen teks iki lan tindakna ayahan sabanjure! Loper KoranBubar sholat subuh, srengenge ing sisihwetan durung mlethek. Nanging, Haris bocahcilik protholan SD sing wis rong taun ditinggaltilar donya wong tuwane, wis katon nlusuridalan lan gang-gang ngeterake koran marangpelanggane. Sepedha onthel tuwa sing wisora ana slebore, digenjot alon merga sikilegaduk-gaduk tuna.Tekan ngisor wit palem ing Komplek Jujur bakal mujurPerumda Bojonegoro, “Brak !!!” Haris tiba Gambar:abckisahku.blogsnjungkel. Sepedhahe nabrak kothak cilik sing dibungkus kainireng. Koran sing dijepit karet ing boncengane korat-karit. Karomringis merga nahan lara, Haris nyedhaki bungkusan singditabrak mau.“Apa ta iki?” Haris nggremeng jroning batin. Bungkusandijupuk banjur diangkat. Saka njero bungkusan keprungu swarakemrincing.“Ha...emas!!!” Tangane Haris nggregeli, awit lagi sepisan ikiweruh mas-masan samono akehe.“Banjur iki duweke sapa?” Haris clingukan, ing batine banjurthukul paperangan, “Dakgawa mulih, apa daklapurke pulisi?”“Aku butuh dhuwit, yen mas-masan iki dakdol...jelas payularang.”“Nanging iki dudu duwekku, najan mlarat aku emoh barangharam.”“Kapan maneh aku bisa sugih?”“Gusti Allah tansah ngawasi, mengko aku bisa blai.”Pungkasane, ati putihe Haris sing menangake perang batiniku. Jam pitu esuk, Haris banjur lapur polisi ing pos jaga prapatandalan. Pulisi sing nampa lapuran ngajak Haris menyang kantorkaro nggawa barang bukti.70 Tantri Basa Klas 4Jujur bakal mujur. Ing kantor polisi, Haris ketemu karo PakAhmad kontraktor sugih sing lagi lapur amarga kemalingan.Sawise takon-tinakon, akhire Pak Ahmad ngendika, “Kowe kudunerusake sekolah, kabeh kabutuhanmu dadi tanggung jawabku,jalaran wiwit saiki kowe dakangkat dadi anakku! ” “Alhamdulilah, Haris ambruk ing sikile Pak Ahmad.”Kawruh sapala:protholan : ora nutugake sekolahtilar donya : mati, pejah, sedangregeli : ndhredheg, ngowelkorat-karit : morat-maritnjungkel : tiba sirahe dhisiknlusuri : nlesih, nggolekigaduk-gaduk tuna: sikile ora pati tekanSawise maca teks kanthi irah-irahan “Bakul Koran” ing dhuwurkanthi premati, saiki wangsulana pitakon ing ngisor iki!1. Apa teks ing dhuwur nyritakake lelakone urip?2. Apa teks ing dhuwur ngandharake crita miturut urutane wektukedadean?3. Apa teks ing dhuwur ana paraga lan watake!4. Apa teks ing dhuwur ana setting (wektu, papan, sosial)dumadine crita?5. Apa teks ing dhuwur ana paperangan utawa konflike!Yen pitakon ing dhuwur wangsulane iya utawa ana, ategesteks ing dhuwur kalebu teks narasi. Jalaran pitakon ing dhuwurmujudake pitakonan sing wangsulane nuduhake titikane teksnarasi.Jangkepana tabel ngisor iki!No. Titikan Katrangan1 Ngandharake/nyritakake2 Urutane3 Paraga lan watake4 Papan, wektu, swasana5 KonflikeTantri Basa Klas 4 71Gladhen 2: Titikane Teks DheskripsiSadurunge maca niteni titikane teks dheskripsi sing ana momotanejinis pakaryan loper koran, wangsulana pitakon-pitakon iki! 1. Apa bocah-bocah wis tau krungu tembung dheskripsi? 2. Apa bocah-bocah wis tau maca teks dheskripsi? 3. Apa irah-irahan teks dheskripsi sing tau kokwaca? 4. Apa sing kokrasakake nalika maca teks dheskripsi? 5. Apa gunane maca teks dheskripsi?Teks dheskripsi yaiku tulisan sing gagasan pokoke diandharakekanthi cara nggambarake objek, panggonan, utawa kedadeannganti sing maca rumangsa kaya nyawang, ngrungokake,ngrasakake utawa ngalami dhewe objek sing digambarake panulis.Supaya luwih cetha, wacanen teks iki lan tindakna ayahansabanjure! PENGETAN DINA PRAMUKA Dina iki Bima tangine rada esuk. Sawengi kaya wis impen-impenen. Esuk iki Bima sakancane arep melu upacara pengetandina pramuka kang kaping 55 taun. Bubar upacara tanggal 14Agustus Bima lan bocah-bocah pramuka siaga liyane melu pestasiaga. Ing pesta siaga ana maneka warna kegiyatan. Kegiyataneadu kaluwihan. Adu kaluwihane yaiku: nyambung tongkat, egrang72 Tantri Basa Klas 4bathok, ngumbulake layangan, hasta karya, ngucapake dwi darmalan dwi satya, lan sapanunggalane. Bima melu adu ngumbulake layangan. Layangane Bimawangune kaya kupu. Swiwine digambari kembang rupa abang,wungu, lan ijo. Sirahe dirupa ireng ana galer-galere coklat.Buntutane nglewer dawa diwerna putih belang ireng. LayanganeBima wis suwe mumbul gleyang-gleyong ing akasa. Yen disawangkaya ula nyunggi kupu-kupu. Sing ndeleng padha keplok-keplok.Pengetan dina pramuka tahun iki katon rame lan nyenengake.1. Apa teks ing dhuwur nggambarake sawijining objek sing nyata (dudu perkara ghaib)?2. Apa kang diandharake teks wacan ing dhuwur?3. Kanthi maca teks ing dhuwur, apa bocah-bocah bisa ngrasakake kaya ngalami dhewe utawa kaya nyawang dhewe?4. Apa teks ing dhuwur nuduhake kahanan kanthi rinci? Yen pitakon ing dhuwur wangsulane iya utawa bisa, ategesteks ing dhuwur kalebu teks dheskripsi. Jalaran pitakon ing dhuwurmujudake pitakonan sing wangsulane nuduhake titikane teksdheskripsi.Jangkepana tabel ngisor iki! Katrangan No. Titikan 1 Kang diandharake2 Bagean kang dirinci3 Paraga4 lan kahananeTantri Basa Klas 4 73Pasinaon 2Makarya bebarengan Mbandhingake Teks Narasi lan Dheskripsi Sawise maca, mahami, lan bisa niteni titikane teks narasi lan dheskripsi, ana ing pasinaon 2 para siswa bakal kaajak makarya kanthi gayeng rembugan karo kanca ing klompok. Para siswa, kaajab bisa mbandhingake banjur nemokake bedane teks narasi karo teks dheskripsi. Lila legawa padha makarya.Gambar: sdntgswetan1.blogspot.co.idSupaya bisa mangreti bedane teks narasi karo teks dheskripsi, tabeling ngisor jingglengana!No. Bab Sing Teks Narasi Teks Dheskripsi Mbedakake1 Isi nyritakake urutane nggambarake kedadean kahanane objek kanthi rinci wektu, panggonan, lan2 Setting/ kahanan sosial bisa mung nggambarake Latar ganti utawa ngalami kahanane objek ing siji owah-owahan3 Pilihan nggunakake tembung/ nggunakake tembung/ tembung/ ukara sing biasa ukara sing bisa74 Tantri Basa Klas 4ukara digunakake ing saben nggugah rasa utawa narik kawigaten dina ora ana pasulayan, ana konflik/pasulayan/ mula ora ana owah- owahan nasib4 Konflik/ perang sing bisa Pasulayan ndadekake owah- owahan nasibe paraga Kanggo nambahi pangertene bedane teks narasi karodheskripsi, dhiskusia karo kancamu saklompok kanggo mangsulipitakon ing ngisor iki!1. Isine teks narasi ing teks dhuwur nyritakake proses kedadean wiwitan nganti .......................................................................2. Isine teks dheskripsi ing teks dhuwur nggambarake kahanane Bima sing ...............................................................................3. Latar wektu sing ana ing teks narasi ngalami owah-owahan yaiku: a. wektu Haris budhal ............................................................ b. wektu Haris lapur polisi ......................................................4. Teks dheskripsi mung nggambarake kahanan ing siji wektu yaiku .............................................................................................5. Latar panggonan sing ana ing teks narasi ngalami owah- owahan yaiku: c. panggonan Haris tiba ........................................................ d. panggonan Haris lapur polisi ...............................................6. Teks dheskripsi mung nggambarake kahanan ing siji panggonan yaiku Bima pas .....................................................................7. Teks narasi nggunakake tembung / ukara sing lumrah digunakake ing saben dina, tuladhane yaiku ......................................... lan ........................................... 8. Tuladha tembung/ukara sing digunakake kanggo narik kawigaten ing teks deskripsi yaiku ........................................., ..........................................................., lan ..........................Tantri Basa Klas 4 759. Sajerone teks narasi Haris ngalami perang/konflik batin, yaiku .......................................................................................10.Sajerone teks dheskripsi ora ana konflik/pasulayan/perang, mula ........................................................................................ Pasinaon 3Makarya Kanthi Mandhiri Nyusun Teks Narasi lan Dheskripsi Kanggo ngundhakake kawruh lan kaprigelan para siswababagan teks narasi lan dheskripsi, ing pasinaon 3 para siswa bakalkaajak ngayahi pakaryan mandhiri, yaiku nyusun teks narasi landheskripsi sing ana sambung rapete karo jinis pakaryan. Gladhen 1 : Nyusun Teks Narasi lNgarang iku Teks narasi kasusun kanthigampang! migunakake "rumus" 5 W + 1 H, yaiku : 1) what ‘apa’, 2) where, ‘ing ngendi’, 3) when ‘kapan’, 4) who ‘sapa’, 5) why ‘ngapa/kena apa’, lan 6). how ‘kepriye’. Gambar:lesprivatbsm.com Saiki para siswa ayo padha ngarang narasi kanthi nurut maranglangkah-langkah ing ngisor iki!1. Wangsulana pitakon iki! a. Apa tema (gagasan pokok) sing arep kokcritakake? Tuladha: lelakone tukang loper koran, critane pasukan kuning, utawa riwayate petani sukses, lan sapanunggalane. b. Ing ngendi papan dumadine crita? c. Kapan prastawa iku kedadean?76 Tantri Basa Klas 4d. Sapa paraga critane, jangkepana karo watake? Tuladha : - Haris watake sregep nyambut gawe lan jujur - Pak Ahmad watake sabar lan loman e. Nyapa (kena apa) prastawa iku bisa dumadi? Tuladha: - Haris dadi loper koran jalaran ditinggal tilar donya wong tuwane. - Haris diangkat anak jalaran jujur mbalekake barang sing ditemu. f. Kepriye crita iku koandharake? Tuladha: Crita iku diandharake kanthi urut wektu kedadeane.2. Rancang kedadean-kedadean penting sing arep kokcritakake kanthi wujud skema alur. Tuladha: Haris budhal nyambut gawe.Haris tiba nemu bungkusan emas.Haris lapur polisi banjur oleh bebungah.3. Rincinen kedadean-kedadean penting dadi kedadean-kedadean cilik. Tuladha:Haris budhal nyambut gawe Bubar subuh Haris budhal Haris numpak sepedha kudanan5. Mekarake dadi teks narasi sawutuhe, gatekna ejaan lan tata tulise!6. Edit teksmu, temokna kekurangane banjur dandanana supaya luwih apik!Tantri Basa Klas 4 77Gladhen 2 : Nyusun Teks Dheskripsi Saliyane bisa ngarang narasi, becike parasiswa uga bisa ngarang dheskipsi. Gampangkok, pokoke angger gelem sabar, tlaten, lansregep gladhen para siswa mesthi bisa. Supaya enggal bisa nulis teks Sabar, tlaten, lan sregepdheskripsi, saiki tindakna ayahan iki! 1. Pilihen objek sing migunani, wigati, lan bisa ndudut ati! Tuladha: tukang loper koran, anggota Gambar: inspirasishalihah.blogspot. pasukan kuning, utawa petani sukses, kegiyatan pramuka, lan sapanunggalane. 2. Tepungake objek sing kok dheskripsekake, kanthi ukara pambuka sing mentes lan pantes. Tuladha: Dina iki Bima tangine rada esuk. Sawengi kaya wis impen- impenen. 3. Sangkuten pancadriya (pandeleng/mripat, pangambu/irung, panggrayang/kulit, panyecep/ilat, lan pangrungu/kuping). Utamakake pancadriya pandeleng, awit pandeleng mujudake piranti ngrasakake sing paling dominan. Tulisen ukara sing nggambarake kahanan sing bisa karasakake kanthi dideleng! Tuladha: Bima melu adu ngumbulake layangan. Layangane Bima wangune kaya kupu. Swiwine digambari kembang rupa abang, wungu, lan ijo. Sirahe dirupa ireng ana galer-galere coklat. Buntutane nglewer dawa diwerna putih belang ireng. Layangane Bima wis suwe mumbul gleyang-gleyong ing angkasa.78 Tantri Basa Klas 44. Dheskripsekna pangrasane paraga utama marang kahanan sing ana lan dumadi! Tuladha: Yen disawang kaya ula nyunggi kupu-kupu. Sing ndeleng padha keplok-keplok. Pengetan dina pramuka tahun iki katon rame lan nyenengake.5. Gunakake pepindhan (persamaan/perbandhingan) kanggo nguripake gambaran. Tuladha: Layangane Bima wis suwe mumbul gleyang-gleyong ing angkasa. Yen disawang kaya ula nyunggi kupu-kupu.Tantri Basa Klas 4 79GLADHEN WULANGAN 4I. Pitakon ing ngisor iki wangsulana sing patitis, kanthi milih siji wangsulan sing paling bener!1. Kesed makarya lan mung nyuwun agunge sih Gusti, pada karo ... a. ngenteni udan terang banjur ngiyup b. ngenteni thukule jamur ing mangsa ketiga c. ngenteni bakul jamur liwat ngarep omah d. ngobati jamur kulit nganggo macem-macem obat2. Para leluhur kita pancen wis kondhang yen makarya tansah ... . a. tata, tatas, titi, lan titis b. takon, tekun, teken, tekan c. gemi lan nastiti d. guyub rukun ora cecongkrahan3. Narasi, yaiku ... . a. teks kang ngandharake lelakon utawa kedadean anut urutan wektu (kronologis) b. pengalaman uripe manungsa utawa saka asil rekadaya pikirane pengarang dhewe c. teks kang ngandharake asil panaliten utawa asil pamawas marang sawijining kahanan d. pengalaman manungsa ngadhepi pacobaning urip saka Kang Maha Kawasa4. Tulisan sing gagasan pokoke diandharake kanthi cara nggambarake objek, panggonan, utawa kedadean nganti sing maca rumangsa kaya nyawang utawa ngalami dhewe objek sing digambarake panulis, diarani ... . a. narasi b. deskripsi80 Tantri Basa Klas 4c. argumentasid. eksposisi5. Pilihan tembung ing teks deskripsi ... a. nggambarake konflik / perang sing bisa ndadekake owah- owahan nasibe paraga. b. mung nggambarake kahanane objek ing siji wektu, panggonan, lan sosial. c. migunakake tembung/ukara sing biasa digunakake ing saben dina. d. migunakake tembung/ukara sing bisa nggugah rasa utawa narik kawigaten.6. Teks narasi isine ... . a. nyritakake proses kedadeyan b. nyritakake kahanane objek c. nggambarake kahanane objek d. nggambarake proses kedadean7. Langkah sepisanan nalika ngarang narasi yaiku ... . a. nemtokake alur b. nemtokake paraga c. nemtokake setting d. nemtokake tema8. Langkah sepisanan nalika ngarang dheskripsi yaiku ... . a. milih objek sing migunani, wigati, lan bisa ndudut ati b. nepungake objek sing arep didheskripsekna c. nyangkut pancadriya, utamakake pancadriya pandeleng d. ndheskripsekna perasaane paraga utama9. Bahane teks narasi bisa saka ... . a. pengalaman uripe manungsa utawa saka asil rekadaya pikirane pengarang dhewe. b. asile panaliten sing dianakake dening para ahli lan pengalaman uripe manungsa.Tantri Basa Klas 4 81c. asil rekadaya pikirane pengarang dhewe lan asile panaliten sing dianakake dening para ahli. d. asile panaliten sing dianakake dening para ahli lan saka kabar ing ariwarti utawa kalawarti.10. Gunane pepindhan (persamaan/perbandhingan) ing teks deskripsi yaiku ... . a. supaya katon endah b. supaya katon akeh c. kanggo nambahi teks d. kanggo nguripake gambaran.II. Jodhokna jinis pakaryan ing kolom sisih kiwa karotegese ing kolom sisih tengen, kanthi nulis aksara ingpapan kang sumadya!No. Tembung Aksara Tegese1 algojo (...) A abdine pandhita ngiras dadi muride2 blantik (...) B nom-noman tukang laden3 cantrik (...) C punggawa masjid4 dhalang (...) D wong sing gaweane bela negara5 juru kunci (...) E tukang ngrumat jaran6 kusir (...) F wong sing gaweane nglakokake wayang7 pakathik (...) G yaiku tukang nindakake pidana pati8 prajurit (...) H tukang ngrumat pasareyan9 merbot (...) I tukang nglakokake dhokar utawa kreta10 sinoman (...) J bakul kewan rajakayaIII. Wangsulana kanthi patitis!1. Nyapa manungsa kok kudu makarya?2. Terangna kepriye pakertine para leluhur jroning makarya!3. Sebutna titikane teks narasi!4. Sebutna titikane teks dheskripsi!5. Tulisen teks dheskripsi, kanthi milih tema salah sawijiningpakaryan ing ngisor iki:a. guru b. dokter c. lurah82 Tantri Basa Klas 4WULANGAN 5 ENDAHE NAGRIKU KOMPETENSI DASAR 3.5 Mengenal dan memahami teks tembang dolanan INDIKATOR3.5.1 Menyebutkan contoh tembang dolanan.3.5.2 Menjelaskan ciri-ciri tembang dolanan.3.5.3 Menjelaskan isi tembang dolanan. KOMPETENSI DASAR 4.5 Melagukan dan mengapresiasi tembang dolanan. INDIKATOR4.5.1 Melagukan tembang dolanan sesuai dengan titilaras4.5.2 Memparafrasekantembang dolanan 4.5.3 Bermain sesuai tembang dolanan yang dilagukan.Tantri Basa Klas 4 83Mbabar wawasan1. Gambar ing ngisor iki setitekna!Kebun kembang Batu pantai Klayar Pacitan Gambar ing dhuwur endah banget sinawang. Iku bukti yennagari Indonesia endah banget alame. Kaendahane Indonesia oramung alame, nanging uga kaluhuran budi pakertine, kabudayane,kasusastrane, lan keseniane. Kaendahan mau dadi kasugihan sing ora ana tandhinge.Kaendahan kasebut kudu dijaga supaya lestari. Gambar ing ngisoriki tuladhane endahe seni lan budaya rupa dolanan karo nembangtembang dolanan.84 Tantri Basa Klas 4Ing wulangan iki bocah-bocah bakal nyinau salah siji wujudkesenian sing wajib dilestarekake, yaiku tembang dolanan. Karepesupaya bocah-bocah bisa nyebutake tuladhane, cirine, lan isinetembang dolanan. Sabanjure bocah-bocah kaajak nembangbebarengan, nyritakake isine sarta maragakake dolanane. Nalikanyritakake bisa wae bocah-bocah sarana nulis aksara Jawa kanthiprasaja. Isine tembang dolanan saliyane geguyonan nalika lagidolanan, uga isi pitutur luhur lan gegambaran endahe nagriIndonesia.Sapa sing nate krungu tembang dolanan? Yen nate krungu sebutnajudhule utawa syaire! Pasinaon 1Model Teks Pinilih : Endahe NagrikuWacanen kang titi, tembang lan katrangane, banjur wangsulanapitakone! PIKNIK Rini lan Bima diajak bapak ibune piknik. Piknike menyangBatu. Ing Batu akeh papan wisata. Tujuane piknik menyangSelecta. Tekan Selecta Bima njujug wahana permainan. Rini njujugtaman kembang.Tantri Basa Klas 4 85Bima seneng dolanan prosotan lan loncat indah ing kolam.Banyune kolam resik lan bening, nanging adhem banget. Rini seneng banget, amarga ing taman kembang bisa nyawangkembang maneka warna. Sing luwih nyenengake maneh akeh kupumiber-miber lan menclok ing kembang-kembang. Rini kepenginbanget ngincup kupu. Mlayu ngetan mlayu ngulon ngetutake kupukaro nembang “Kupu Kuwi”Ayo saiki bebarengan nembang!KUPU KUWIKupu iku dak incupeMung aburmu ngewuhakeNgalor ngidul ngetan bali ngulonMrana-mrene mung saparan-paranSapa bisa ngincupakeMentas menclok cegregNuli mabur bleber.Kawruh Sapalaincup : nyekel kupu nganggo tanganngewuhake : angel bangetmentas : lagi baenjujug : nujuwisata : piknik, dolanwahana : papan, panggonantaman : papan tartamtubleber : mabur cepat86 Tantri Basa Klas 4Gladhen 1: Nyebutake Tuladhane Tembang DolananWangsulana pitakon-pitakon ing ngisor iki!1. Apa judhule wacan ing dhuwur ?2. Rini diajak piknik menyang ngendi?3. Papan ngendi sing dadi tujuane piknik?4. Apa judhule tembang sing ditembangake Rini?5. Sebutna judhule tembang dolanan liyane loro bae!Tembang Dolanan Tembang dolanan yaiku salah sijine tembang sing lumraheditembangake bocah-bocah nalika dolanan. Ing jaman biyen bocah-bocah padha dolanan ing latar ora mung ing wayah awan lan sore,nanging uga wayah wengi nalika padhang rembulan. Titikan utawa ciri-cirine tembang dolanan, basane prasaja langampang dingerteni, cengkoke prasaja, jumlah barise (gatrane) ugawinates, bias ditembangake sinambi dolanan utawa jejogedan, lanisine bab sing salaras karo kahanane bocah. Tuladhane kayatembang dolanan ngisor iki.Jamuran Jamuran ya gegethok Jamur apa ya gegethok Jamur gajih brejijih saara-ara Sira badhe jamur apa?Basane tembang ”Jamuran” gampang dingerteni, lagune ugagampang diapalake bbocah-bocah.Tantri Basa Klas 4 87Tujuan utama isine tembang dolanan yaiku ajaran nilai budi pekerti.Nilai budi pekerti bab rasa kormat, welas asih, gotong royong,tulung-tinulung, lan liya-liyane.Bulan Gedhe Bulan-bulan gedhe Ana santri menek jambe Ceblokna salining wae Mumpung jembar kalangane Mumpung gedhe rembulane Suraka surak hiyo (http://raraedelweiss16.blogspot.co.id/2015/03/lirik-lagu-tembang-dolanan- bulan-gedhe.html) Tembung kang kacithak kandel ing tembang wis paringkatrangan ngenani nilai budi pakerti. Tuladhane santri nuduhakebocah sing lagi nyantri tegese lagi sinau ing bab ilmu agama lanilmu liyane. Karepe saben bocah kudu sregep sinau agama lan ilmuliyane. Ceblokna tembung pakon sing bisa nuduhake supaya gelemweh-weh marang wong liya wujud saka tresna asih mring sasama,mumpung jembar kalangane, mumpung isih ana wektu landiparingi rejeki. http://www.alkhoirot.com88 Tantri Basa Klas 4Gladhen 2 : Titikane Tembang DolananSawise maca katrangan lan tembang ing dhuwur wangsulanapitakon ing ngisor iki! 1) Tembang dolanan lumrahe ditembangake nalika bocah-bocah lagi ngapa? 2) Sebutna ciri utawa titikane tembang dolanan! 3) Apa utamane isine tembang dolanan? 4) Ana pirang baris tembang ”Jamuran”? 5) Tulisen baris ke-loro tembang ”Bulan Gedhe” Pasinaon 2: Makarya BebarenganWacanen lan semaken bebarengan karo klompokmu wacan lantembang dolanan ing ngisor iki, banjur wangsulana pitakon ingngisore! JUM’AT BERSIHRini lan Bima setengah enem wis nganggo sragam olah raga.Kabeh keperluan sekolah wis dilebokne tas. Ora lali Rini nggawaserbet lan kain pel. Bima nggawa arit amarga saben dina Jum’at ingsekolahane ana kegiatan Jum’at Bersih.Kegiatan Jum’at Bersih ora mung resik-resik, nanging uga olahraga yaiku senam bebarengan. Mulane Rini lan Bima budhalesekolah luwih esuk, amarga jam enem wis kudu tekan sekolahan.Budhale bebarengan, Rini digoncengne Bima. Tujuane Jum’atBersih saliyane bersih lingkungane sekolah, uga diajab ndadekakeresik jiwa lan ragane kanthi olah raga ajeg.Sarampunge senam leren sedhela, banjur bocah-bocah tanpadikomandho maneh wiwit resik-resik kelas lan sakiwa tengene.Semono uga bapak ibu guru.Tantri Basa Klas 4 89Olah raga lan reresik lingkungan kelas lan sekolah ditindakakelan ditandangi bebarengan kabeh warga sekolah. Pagawean apabae yen ditandangi bebarengan kanthi guyup rukun, tulungtinulung, ikhlas, kabeh krasa entheng lan gampang, kaya nilai-nilaibudi pekerti sing ana ing isine tembang ngisor iki.Ayo saiki nirokne Ibu utawa Bapak Guru nembang tembang iki!Gugur Gunung Ayo kanca ayo kanca ngayahi karyaning praja, Kono-kene kono-kene gugur gunung tandang gawe, Sayuk sayuk rukun bebarengan ro kancane, Lila lan legawa kanggo mulyaning negara. Siji loro telu papat maju papat-papat, Diulung-ulungake murih enggal rampunge, Holopis kuntul baris holopis kuntul baris, Holopis kuntul baris holopis kuntul baris.Kawruh Sapala:lingkungan : wewengkon, tlatahajeg : mesthisarampunge : sapungkase, sapurnanerampung : pungkas, mari, purnaguyub : rukunentheng : gampangngayahi : nindakake, nglakonikaryaning : pegaweanpraja : nagaraholopis kuntul baris : nyambut gawe bebarengan Gladhen 1: Njlentrehake Isine Tembang DolananTembang ing ngisor iki jelasna isine kaya tuladha ing wacandhuwur, kanthi mangsuli pitakon-pitakon ing ngisore!

90 Tantri Basa Klas 4